Direktorat Jenderal Bea dan Cukai Kamentrian Kauangan Indonesia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Logo Bea Cukai

Direktorat Jenderal Bea dan Cukai asring dipuncekak kanthi cekakan DJBC utawi bea cukai inggih punika satunggaling nama saking instansi pamarentah ingkang nglayani masyarakat ing bidhang kepabeanan lan cukai. Nalika taksih zaman penjajahan Walanda, bea lan cukai asring dipunsebat kanthi sebatan duane. Ananging kanthi ilining wekdal kanthi rawuhipun éra globalisasi sak punika, bea lan cukai asring dipunsebat customs.

Lembaga[sunting | sunting sumber]

Saking sisi lembaganipun, Direktorat Jenderal Bea dan Cukai dipunpandhegani dening satunggaling unit Eselon 1 ingkang mapan wonten ing ngandhap Kamenterian Kauangan Indonesia, kados dene ugi Direktorat Jenderal Pajak, Direktorat Jenderal Perbendaharaan, lan sanes- sanesipun.[1]

Tugas lan fungsi[sunting | sunting sumber]

Tugas lan fungsi DJBC inggih punika wonten gayutanipun sanget kaliyan pengelolaan kauangan negara, ing antawisipun kados mungut bea mlebet ugi pajak impor (PDRI) ingkang ngliputi (PPN Impor, PPh Pasal 22, PPnBM) lan cukai. Kejawi saking punika, tugas lan fungsi DJBC inggih kangge ngawasi kegiyatan ekspor lan impor, ngawasi edaran unjukan ingkang ngewrat alkohol utawi etil alkohol, lan rokok utawi barang asiling pengolahan tembakau sanésipun. KAnthi ewahing zaman, DJBC gadhah tugas lan fungsi sanesipun inggih punika dados fasilitator perdagangan, ingkang gadhah wenang kanggé nunda ngantos badhe mbebasaken pajak kanthi sarat- sarat tartamtu.[2]

Sistem penjaluran[sunting | sunting sumber]

Wonten sekawan sistem penjaluran ingkang dipuntemtokaken dening DJBC wonten ing proses impor. Sekawan jalur punika ing wiwitanipun dipunbagi adhedhasar nerapaken manajemen resiko adhedhasar profil importir, jinis komoditi barang, track record lan informasi- informasi ingkang wonten ing data base intelejen DJBC. Sistem penjaluran ingkang wonten ugi sampun ngginakaken sistem otomatisasi saengga wontenipun intervensi dening petugas DJBC kangge nemtokaken jalur- jalur kasebat ing barang tartamtu ugi langkung sekedhik. Ing taun 2007, DJBC sampun nepangaken Jalur MITA, inggih punika satunggaling jalur fasilitas ingkang khusus wonten ing kator Pelayanan Utama (KPU). Sekawan jalur kasebat inggih punika:

  1. Jalur prioritas ingkang khusus kangge importir ingkang gadhah track record sae sanget. Kangge importir jinis punika, barangipun dipunwedalaken kanthi otomatis ingkang dados prioritas saking sisi pelayananipun. saking sisi pengawasan, mila importir jinis punika badhe kenging sistem Post Clearance Audit (PCA) lan sepisan- pisan kanthi acak dening sistem komputer badhe dpuntetepaken kangge pemeriksaan fisik.
  2. Jalur hijau, jalur punika dipunginakaken kangge importir kanthi track record sae lan saking sisi komoditi impor gadhah sipat resiko andhap.
  3. Jalur Kuning, jalur punika kangge importir kanthi track record sae.
  4. Jalur Merah inggih punika jalur umum ingkang dipunginakaken dening importir enggal, importir ingkang dangu ananging gadhah cathetan- cathetan khusus, importir kanthi resiko inggil amargi gadhah track record boten sae.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) Kantor Pengawasan dan Pelayanan Bea dan Cukai TMP B Makassar dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013
  2. ^ (id) Situs resmi dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013