Diplodocus
| Diplodocus Temporal range: Jurassic akhir |
|
|---|---|
| Balunfg Diplodocus carnegiei saka Museum für Naturkunde | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Sauropsida |
| Superorder: | Dinosauria |
| ordo: | Saurischia |
| Suborder: | Sauropodomorpha |
| Infraorder: | Sauropoda |
| kulawarga: | Diplodocidae |
| Genus: | Diplodocus Marsh, 1878 |
| Spesies | |
|
|
| Sinonim | |
|
|
Diplodocus yaiku salah sijining kèwan dinosaurus sing kalebu ing genus sauropod diplocid.[1] Dinosaurus iki urip nalika zaman Jurasik pungkasan (sawetara 155-145 yuta taun kapengker).[1]Diplodocus disebut sebut minangka kewan sing awake paling dawa .[1]
Bab lan Paragraf |
Anatomi [sunting]
Diplodocus iku salah sawijining kèwan raksasa kang duwé gulu dawa, buntut pecut, awak saka ngarep memburi dawané sawetara 90 kaki (27 m) kanthi gulu sing dawane 26 kaki (8 m) lan buntut sing dawané 45 kaki (14 m) nanging ukuran endhasé ora ana 2 kaki dawané.[2] Bolongan irungé ana ing sisih dhuwur endhas,lan untuné lancip-gedhé mirip pasak,nanging mung ana ing bagèan ngarep rahang.[2] Sikil ngarepé liwih cindhek ketimbang sikil ngarepé lan saben sikilé duwé driji cacah lima.[2] Saka bentuk fosil sing ditemokaké bisa dikira-kira yèn Diplodocus duwé deretan eri kang ana ing gegeré.[2] Diplodocus dipercaya minangka kèwan darat paling dawa sing tau urip.[2]
Pola Mangan [sunting]
Panganan sing sering dipangan Diplodocus yaiku tetuwuhan (Sauropodomorpha). Saliyané kuwi, Diplodocus uga sering mangan godhong konifer, pakis, lumut, lan tandhuran rawa. Untuné diplodocus kecipta ketul-ketul. Mulané cara mangané ora dimamah, nanging langsung dileg. Saliyane kuwi Diplodocus seneng ngeleg Gastrolith,yaiku watu sing dieleg dning kewan sing fungsine dienggo ngancurake godhong (panganan) sing ana ing njero wetenge.Saliyane kuwi,bageyanawake Diplodocus ding migunani nalika golek pangan yaiku gulune sing dawa. Gulu dawane kuwi digunakake kanggo mlebu ing sela-selane wit-witan nalika arep golek mangan ing alas. Diplodocus kewan sing kudu sering mangan ing saben wektune.
Perilaku [sunting]
para ahli mbadhek yen Diplodocus kuwi kewan nomaden, sering pindhah-pindhah tempat.
Panemu [sunting]
Fosil Diplodocus sepisanan ditemokake dening Samuel Williston lan Otinel Marsh nalika taun 1887. Diplodocus akeh ditemokake ing sekitar Rocky mountain, Utah, Wyoming, lan Colorado Amérika.
Anak pinak [sunting]
Ngendhog. Endhogé Doplodocus diselehake sembarang enggon nalika Diplodocus mlaku-mlaku golet pangan ing alas.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (id)www.thefreeresource.com(dipunundhuh tanggal 27 Mei 2011)
- ^ a b c d e (en)www.enchantedlearning.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011 jam 3.21 WIB)