Dhialek Malangan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Dialek Malangan)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Bab lan Paragraf

[sunting] Dhialek Malangan

Sejatine basa Jawa dialek Malangan iki saklebatan ora ana bedhaning karo basa Jawa dialek Surabayan. Nanging ana ukara-ukara sing kirane ora pathi dimangerteni karo wong Surabaya dhewe.

Dhialek Malangan dipituturaken ing loring Malang Raya nganthi lor kali Lesti ing kecamatan Turen. Menawi Turen nganthi segara kidul nganggo Basa Jawa Mataraman utawa Kulonan.

Dhialek Malangan iki bedha karo basa walikan Malangan, perkarane basa walikan iku ibarate kaya basa gaul.

[sunting] Tetenger

Biasane dhialek Malangan iku ditengeri karo akhiran, "a" yen pitakon. Kayata

"Koen wis mangan, a?" = kowe wis mangan dhurung? "Gak eruh, a?" = Ora weruh toh?

Terus ana ungkapan "le'e" gawe yen nggunemake hal sing mungkin. Kayata

"Aku le'e eruh" = aku menawa weruh

[sunting] Ukara liyane

Yen ing basa Jawa Malangan, akeh ukara sing khas kana, kayata

  • Amprin = pacar
  • Ayem = mlempem
  • Enggen = panggon
  • Wanyik = wadon
  • itreng = ngerti
  • omilsaleb = limolas
  • kaceb = becak
  • nakam = mangan
  • rudit = turu
  • kanyab = okeh,akeh
  • helom = mulih
  • nganinde = menyang endi
  • nileb = nyolong
  • ibar = rabi
  • uklam = mlaku
  • utem = metu
  • ngalup = mulih
  • ukut = tuku
  • tarus = surat
  • Genok = ora ana
  • Ganok = ora ana
  • Henok = ora ana

[sunting] Mugi Pirsani


Balik ing: Basa Jawa
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dhialek_Malangan&oldid=75335"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti