Basa Jawa Yogyakarta
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Dhialek Yogyakarta)
Basa Jawa Yogyakarta utawa Dhialèk Yogyakarta iku dhialèk basa Jawa sing akèh tinemu utawa dianggo jroning pirembugan ing tlatah Ngayogyakarta. Wong Yogya iku rada seneng nyekak omongan, utawa nambahi ukara supaya kaprungu luwih manteb.
Tuladha:
- Wèlèh, piyé ta wis dikandhani ra ngrungokké,jan ( jan iku sak jané ora ana teges sing gumathok, mung bèn keprungu luwih manteb)
- Piyé wis dhong (dong= ngerti) durung??
- Wo jan payah tenan cah iki ra dhongan= wah pancèn payah banget bocah iki angèl ngertiné.(iki ukara sing bener ing basa Jawa)
- Piyé jé? ukara iki ya kerep di enggo déning wong Yogya sing lagi bingung. Biasané dienggo déning wong Yogya sing rada adoh seka kutha.
- Sak jané (cekakan saka sajatiné) /jan jané(sak tenané)= jan-jané ya mbak wong kuwi ra(soko ora) sekolah nèng UGM, ukara sing tenan dadi sak tenané ya mbak wong kuwi ora sekolah nèng UGM
Wong Yogya uga seneng nambahi aksara "m" nèng ngarepé ukara utawa jeneng sing wiwitané b.
Contoné:
Baciro(jeneng kampung)= mbanciro
besuk= mbesuk
[sunting] Delengen uga
|
|||||||||||||