Basa Jawa Surabaya

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Dhialek Surabayaan)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Basa Jawa Surabaya utawa Dhialek Surabayaan (uga diarani Basa Surabayaan) yaiku dhialèk Basa Jawa sing dituturna ana ing dhaérah Surabaya, Jawa Wétan. Ragam dhialèk iki uga dituturna ana ing Sidaharja, Gresik, Majakerta, Pasuruan, lan sebagian Jombang. Basa Walikan Malangan kuwi uga salah sawijining variasi Dhialèk Surabayaan.

Kanggo wong sajabane Surabaya (mliginé saka Jawa Tengah), dhialèk iki kagolong kasar, nanging égalitèr. Dhialèk Surabaya kuwi ora pati jelas bédané Basa Krama karo Basa Ngoko, utamané marang wong sing luwih tuwa.

Bab lan Paragraf

[sunting] Upaya pelestarian

Masiya umume wong Surabaya nganggo Boso Suroboyoan sadina-dinae, nanging nang sekolah murid-murid padha diajari Basa Jawa Tengahan. Iki marakna wong Surabaya kilangan jati dirine. Mulai taun 2003, Dhialek Surabayaan dipopulerna karo salah siji tivi swasta lokal JTV sing nggawe Boso Suroboyoan marang acara-acarane, termasuk acara berita, guneman (talk show), kuiz, bahkan sampek ndubbing film-film Hollywood, India, lan Mandarin nganggo Boso Suroboyoan.

Program acara iku mau digae nglestarekno boso Jowo Suroboyoan sing egaliter masiyo tetep kudu nggathekno undhak-usuke boso.

[sunting] Conto Boso Suroboyoan

  • Yok opo kabare? = Kepriye kabare?
  • Koen = Kowe
  • Sampeyan, peno, awakmu = sampeyan, njenengan
  • Peno ate nang ndhi? = Sampeyan arep nyang ngendhi?
  • embong = dalan, ratan
  • tekok = seko, soko
  • mathek = mati
  • Opo'o? = punapa, geneya?
  • sithuk = siji
  • Wis teko thA areke? = wis tekan tho bocahe?
  • Wis tekoA areke? (coro Malangan)

Seni Ludruk sing asli Jawa Timur akeh-akehane yo nggae Boso Jowo Suroboyoan utowo Jowo Etanan. Daerah sing nggae boso etanan iki, yoiku daerah etan Kali Brantas ndhik Kertosono seseh etan, Jombang, Mojokerto, Lamongan, Gresik, Malang, Pasuruan, nganthek Jember.

[sunting] "Kromo" ambek "ngoko"

Ndhik Suroboyoan, kromo ambek ngoko kadang bedhane gak jelas , koyok ngene :

  • Yok nopo sampeyan iki Pak? = Kepripun tha panjenengan niki?

Coro iki mau wis dianggep alus lan sopan.

  • Opo'o dialusna ndhik Surabaya dhadi Nopo'o

Cara lafale Boso Jowo coro Suroboyoan utowo etanan iki yo rodhok bedho ambek Jowo Baku. Ono tenger-tenger sing iso didadekno conto.

  • Pithik --> Ndhik Jowo Baku kewoco pite' , tapi nok Jowo Etanan kewoco pete'
  • Udhut --> kewoco udot ndhik Jowo Baku, tapi kewoco odhot ndhik Etanan.

[sunting] Boso walikan

Malang yo ndhuwe boso slang sing diarani basa walikan yaiku basa Walikan Malangan, boso iki ambekan wis dadi ciri khase Malang.

[sunting] Uga pirsani

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Jawa_Surabaya&oldid=671162"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti