Dhialèk Banyumasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Dhialek Banyumasan)

Carabasa Banyumasan dicaturaké ing tlatah Banyumasan, kasebar wiwit Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganti tlatah Pasundan, molai Cirebon-Indramayu lan Banten lor. Carabasa Banyumasan dianggep carabasa Basa Jawa sing tuwa dhéwé. Bab iki ditandhani kanthi anané sawatara tembung sajeroning Basa Kawi lan Basa Sangsêkrêta ing basa Jawa sing isih dianggo ing carabasa Banyumasan kaya ta tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pocapaning swara a sing wutuh ora kaya a jêjêg lumrah ananging awujud a miring sing dadi pocapaning carabasa Banyumasan kaya déné basa Sangsekreta . Sadurungé kena prabawa saka kraton, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa kraton-kraton jawa, basa jawa ngalami pangalusan, yaiku basa sing dianggo déning babrayan lumrah lan sing dianggo déning kulawarga karaton dibédakaké pocapané sanadyan tegesé padha. Basa Banyumasan duwé ciri pligi yaiku wujud pocapan ing swara a sing dipocapaké ora a jêjêg kaya ing basa Jawa lumrah. Carabasa iki uga duwé pamênêt aksara-aksara kang luwih cetha utawa luwih kandel, kaya ta aksara ka ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni ga, aksara pa nyedhaki ba,panambang ki dadi ti lan aksara la sing pocapané kandel, uga ana sawatara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri carabasa Banyumasan kaya déné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.

Carabasa iki misuwur kanthi cara omongé sing pligi. Dadi carabasa Banyumasan iki luwih akeh medhoke ketimbang carabasa Jawa liyané. Tinimbang carabasa Jawa Ngayogyakarta lan Surakarta, carabasa Banyumasan akèh banget bedane. Béda sing utama yaiku ing swara a mau. Dadi angger ing Sala wong mangan karo 'sega', ing Banyumas wong madhang karo 'segá'. Tuladha tembung: "Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse". iku tegesé: utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahé.. "oli-olihe apa kang " duwé oleh2 apa kang, "munthul nagka thok " telo pohung karo nangka baé.. kepiye ana ing dhialèk Banyumas dadi kepriwe, mdean, lsp. kosakata akhiran konsonan diucapake medhok lah kandel ana ing pocapan. wédok warek dadi waregh, njupuk dadi njupukk..lsp

Tuladha Tembung[besut | besut sumber]

  • Nyong : aku
  • gandhul : kates
  • kowek : kowe
  • Sarap, Nyarap=Mangan, Sarapan
  • Madhang =Mangan
  • Nyoré =Mangan bengi
  • Kencot=Ngelih, luwé
  • Rika, Ko =Sampeyan, Kowé
  • Nyong, Inyong, Enyong =Aku
  • baén, baé =waé, aé
  • kepriwén, keprimén =piyé, kepriwé
  • sekang =saka, teka
  • kiyé=iki
  • kuwé =iku
  • égin, mégin, igun =esih, isih
  • gigal =tiba, ceblok
  • téyéng=bisa, bisa
  • dhisit, dhingin, giri,=dhisik
  • dhimin, gimin=dhisik
  • maén=apik, sip
  • acan=babar blas
  • entong=enték
  • katisen=kadhemen
  • semriwing=isis
  • gasik=pagi, rikat
  • gethak, geplak=jithak, keplak
  • lebuh=bledug
  • munthul=téla
  • cengis=lombok rawit
  • gandhul=katés
  • nyigit (mangan cengis)=
  • ngajog=getun
  • bebeh=aras-arasen
  • jimot, jiyot =jupuk
  • nclekamin pisan !=énak banget, nikmat banget, sip banget
  • mboké, biyung=si mbok
  • mbekayu=mbakyu, mbak

Bageyan-bageyan Carabasa Banyumasan[besut | besut sumber]

Paméranganing carabasa Banyumasan:

Carabaaa Banyumasan saged dipunpirsani katrangane mawa langkung gamblang ing kamus Carabasa Banyumas-Indonésia. http://hanacaraka.fateback.com Archived 2012-01-05 at the Wayback Machine., Ugi wonten klumpukan kamus basa Jawi ingkang jarang kepanggih wonten ing toko-toko buku: Kamus Dialek Banyumas-Indonésia Kamus Dialek Tegal

Mugi mirsani[besut | besut sumber]