Basa Jawa Banten

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Dhialek Banten)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Basa Jawa Banten utawa dhialèk Banten iku sawijining dhialèk basa Jawa sing utamané dipituturaké ing saloring provinsi Banten, turut pasisir. Miturut sejarahé wiwit dituturaké ing zaman Kasultanan Banten (abad 16). Ing zaman iku, basa Jawa sing dituturaké ing Banten ora ana bedhané karo basa Jawa ing Mataram. Nanging, samubaré iku basa Jawa ing Banten mulai katon bedané, apa maneh tlatah pinuturé diubengi karo tlatah basa Sundha lan basa Betawi. Cacahé panutur ana sakiwa-tengené 500.000 jiwa.

Basa iki dhadi basa utama ing Kasultanan Banten sing manggon Kedhaton Surosowan, lan uga dhadi basa dina-dinaning warga Banten utamané ing sisih lor lan tlatah kulon Kabupaten Tangerang.

Dhialèk iki dianggep dhialèk kuna lan akèh persisé karo dhialek Cerbonan sanajan akèh pengaruh basa Sundha lan Betawi.

Upami :

  • Aja bribin! (kawacan Aje) : Aja ngisruhi!
  • Sire arep mendhi? (sire iku kasar) : kowe arep nyang ndhi?
  • Mak lunga jeng Teh Toyah : Emak lunga karo Mbak Toyah
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Jawa_Banten&oldid=670761"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès