Dhaharan Padang
Dhaharan Padang utawi Panganan Padang inggih menika nama ingkang dipunginakaken kangge nyebat sedaya jinis dhaharan saking wewengkon Minangkabau, provinsi Sumatra Kilèn, Indonésia.[1] Sanajan sejatosipun maneka warni dhaharan Sumatra Kilèn boten sedayanipun saking Kutha Padang, contonipun dhaharan saking Kutha Bukittinggi ingkang ugi nggadhahi tradisi kulinér ingkang kathah.[1] Griya dhahar Padang utawi rumah makan Padang utawi griya dhahar urang uwak menika dados sesebatan kangge usaha dhaharan Padang.[1]
Limrahipun manajemen griya dhahar Padang dipunatur déning kulawarga utawi kerabat satunggal kampung.[2] Tiyang ingkang ngatur griya dhahar Padang kathah ingkang nggadhahi sesanti utawi falsafah Minang ingkang démokratis, kados berat sama dipikul, ringan sama dijinjing.[3] Babagan menika katingal ing pembagen kauntungan ingkang dipunbagi saben setunggal atus dinten nyambut damel, kanthi sistem bagi hasil adhedhasar indeks préstasi.[3] Cara kados mekaten ingkang saged nyurung sedaya karyawan supados nggadhahi préstasi, karyawan badhé tansah mbudidaya kanggé ngaturi tamu kanthi saé supados tamu menika kersa dhahar malih ing griya dhahar Padang.[3] Sistem bagi hasil kados menika ingkang damel karyawan nggadhahi pangraos ndhérék nggadhahai usaha dhaharan Padang.[3]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c (id)[Habsari, Rinto, (2007), Info boga Jakarta, Gramedia Pustaka Utama, ISBN 978-979-22-2860-1.]
- ^ (id)[Alamsyah, Yuyun, Bangkitnya Bisnis Kuliner Tradisional, kaca 87, Elex Media Komputindo, ISBN 978-979-27-4117-9.]
- ^ a b c d (id)[Alamsyah, Yuyun, Bangkitnya Bisnis Kuliner Tradisional, kaca 90, Elex Media Komputindo, ISBN 978-979-27-4117-9.]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.