Dewa 19
| Dewa 19 | ||
|---|---|---|
| Latar mburi | ||
| Lair | ||
| Jinis Musik | Pop, Rock, Jazz | |
| Taun aktif | 1986–2011 | |
| Parusahan rekaman | Team Records (1992–1994) Aquarius Musikindo (1994-2006) EMI (2006–sapunika) |
|
| Hubungan | ||
| Situs resmi | www.dewa19.com | |
| Mantan Anggota | ||
| Ahmad Dhani Andra Junaidi Yuke Sampurna Agung Yudha Wawan Juniarso Erwin Prasetya Wong Aksan Ari Lasso Tyo Nugros Elfonda Mekel |
||
Dewa 19 inggih menika grup musik ingkang jumeneng ing taun 1986 ing Surabaya, Indonésia. Grup menika sampun gumantos personil lan samenika anggotanipun inggih menika Ahmad Dhani (kibor), Andra Junaidi (gitar), Yuke Sampurna (bass) lan Agung Yudha (drum).[1] sasampunipun ngrajani panggung-panggung festival ing pungkasanipun jaman 1980-an, Dewa 19 lajeng pindah dhateng Jakarta lan ngliris album ingkang sepisanan ing taun 1992 ing sangandhapipun label Team Record.[1] Grup menika sampun pikantuk kasuksesan sadangunipun dekade taun 1990-an lan 2000-an kanthi lagu-lagu ingkang nggadhahi genre pop lan rock.[2] Album ingkang dipunrilis tansah pikantuk sambutan ingkang sae saking masyarakat, ngantos album Dewa 19 ingkang dipunrilis ing taun 2000, Bintang Lama, kalebet salah satunggalipun album paling laris ing Indonesia kanthi album ingkang dipunsade ngantos kalih juta keping.[2] Taun 2005, kalawarti Hai nobtaken Dewa 19 minangka grup band paling sugih ing Indonesia kanthi pendapatan langkung saking 14 milyar sataun.[3] Ing tengahipun kasuksesan menika, grup menika nate angsal masalah hukum, kalebet masalah pelanggaran hak cipta lan perseteruan kaliyan ormas Islam.[4] Sadangunipun karier Dewa 19 sampun kathah pikantuk kanugrahan. Kanugrahan kasebat kados BASF Awards lan AMI Awards.[1] Dewa 19 ugi nate pikantuk LibForAll Award ing Amerika Serikat amargi kontribusinipun Dewa 19 dhateng perdamean lan toleransi agami.[1]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d (id)History of Dewa dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ a b (id)Dewa, Bertahan dengan Rasa Baru dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ (id)Majalah Hai dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ (id)Logo Laskar Cinta Dewa, Diprotes! dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)