Dendrit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Skéma réprésentasi saking neuron
Satunggiling neuron wangun piramid, dipunagengaken kaping 40. Dipunpirsani ing ukuran ageng eri dendritik katingal cetha.
Diagram sèl neuron jangkep
Neuron hippocampal dikultur in vitro, ngèksprèsikaken protein fluorescent ijem (GFP) lan gadhah dendrit kanthi kathah eri dendritik

Dendrit inggih punika dhaérah-dhaérah input ingkang ngandhut reseputor, ingkang saben reseptor nanggapi jenis neurotransmiter katamtu. Dendrit wangun konthak sinaptik kaliyan akson sèl saraf sanèsipun kanggé ngirim implus saraf. Dendrit inggih punika neuron ingkang wangunipun kadasta wit. Ingkang kathah neuron nggadhahi pinten-pinten dendrit, ingkang biyasanipun cendhak lan nyabang. [1] Sèl dendrit (DC) inggih punika sèl-sèl kakebalan ingkang mbangun bagéan saking sistem kakebalan awak mamalia. Fungsi utamanipun inggih punika kanggé prosès bahan antigen lan wonten ing salumahanipun sèl-sèl sanèsipun saking sistem kakebalan awak, pramila mupangatipun dados antigen presenting sèl. Sèl dendritik wonten ing gunggung alit ing jaringan ingkang kontak kaliyan lingkungan èksternal, utaminipun ing kulit (ing pundi wonten jenis sèl kusus ingkang dipunsebat sèl Langerhans dendritik) lan lapisan ing irung, paru-paru, padharan saha usus. Punika ugi saged dipunpanggihaken ing kawontenan dèrèng diwasa ing rah. Ingkang saksampunipun, migrasi ing jaringan limfoid ing pundi interaksi kaliyan sèl T lan sèl B kanggé nglampahi lan mbentuk rèspon imun adhaptif. Ing tahap pambangunan katamtu sedaya tuwuh proyèksi nyabang ing dendrit, ingkang maringi sèl asmanipun, ananging punika boten nggadhahi gegayutan kusus kaliyan neuron, ingkang ugi nggadhahi pajangkep sarupi. Sèl dendrit dèrèng ngasilaken ugi dipunsebat sèl kaslubung, ing ngriki nggadhahi kathah sitoplasma cadar saking dendrit. Sèl dendrit ingkang miwiti njlèntrèhaken déning Paul Langerhans (sèl Langerhans) ing abad sangalas, ngantos 1973, istilah sèl dendritik dipunciptaaken déning Ralph M. Steinman lan Zanvil A.Cohn. Ing taun 2007 Steinman dipunanugrahi Albert Lasker award kanggé risèt kedhokteran dhasar kanggé pamanggihanipun. [2]

Bagéan-bagéan jaringan saraf[sunting | sunting sumber]

  1. Badan sèl saraf ingkang ngandhut inti sèl lan neuroplasma. Neuron utawi akson utawi cabang ndawa, fungsinipun mbeta implus nilaraken badan sèl saraf. Dendrit utawi cabang cendhak, fungsinipun mbeta implus ing badan sèl saraf.
  2. Akson dipunkelilingi déning sèl panyongkong ingkang dipunsebat sèl Schwann. Akson dipunslubungi kaliyan slaput ingkang dipunasmani neurilema. Ing lebet neurilema wonten slubung mielin dipunasmani Nodus Ranvier. Akson nyabang ing caket pucuk (terminal akson). Titik patemon antawisipun terminal akson kaliyan setunggal neuron kaliyan sanèsipun dipunsebat sinapsis. Titik patemonipun (sinapsis) punika nggadhahi fungsi ngèlajengaken rangsang ing sèl saraf ingkang sanès kanthi cara medalaken bahan kimia ingkang dipunsebat neurotransmiter.
  3. Badan sèl saraf nggadhahi inti saha wangun perikorin ingkang gegayutan kaliyan akson wangun huruf V, ingkang dipunsebat aksonhillok. Retikulum endoplasma lan ribosom wangun granula ingkang dipunsebat badan nissl.

Adhedasar cara mindhahaken rangsang lan panggènanipun[sunting | sunting sumber]

  • Neuron Afferent (Neuron Sensorik). Neuron puniki ndugèkaken pesen saking organ ing saraf pusat, ugi sumsum balung wingking utawi utek. Pramila panampi rangsang puniki asring dipunsebat ugi minangka neuron sensorik.[3]
  • Neuron Intermedier (Interneuron). Neuron puniki ndugèkaken implus saking neuron sensorik utawi saking neuron intermedier ingkang sanès dhumateng neuron motorik. Antawisipun saraf setunggal kaliyan sanèsipun silih gegayutan. Gegayutan antawisipun saraf ingkang sami lumantar titik temu antawisipun pucuk akson neuron ingkang setunggal kaliyan dendrit neuron sanèsipun, ingkang dipunsebat Sinaps. Mupangat sinaps inggih punika nerasaken rangsang saking sèl saraf setunggal ing sèl saraf sanèsipun. Sinaps medalaken dat kanggé nggampilaken nerasaken rangsang ingkang dipunsebut neurotransmitter.[3]
  • Neuron Efferent (Neuron Motorik). Neuron puniki nerasaken implus saraf ingkang dipuntampi saking neuron Intermesier. Pesen ingkang dipunkintun nemtokaken tanggapan badan kaliyan rangsang ingkang dipuntampi déning neuron aferen. Dendrit saking neuron eferen kanthil ing otot pramila asring dipunsebat neuron motorik.[3]
  • Badan sèl saraf, panggènanipun ing pusat saraf lan ganglion. Gangglion inggih punika kempalan badan sèl saraf ingkang panggènanipun katamtu, tuladhanipun ing sisih tengen lan kiwa sumsum balung wingking.[3]

Mupangat jaringan sèl saraf[sunting | sunting sumber]

  1. ngrèspon éwah-éwahan lingkungan iritabilitas.
  2. mbeta implus-implus saraf (pesen) dhumateng pusat saraf utawi suwalikipun konduktivitas.
  3. ngréaksi aktif kaliyan rangsang ingkang dhateng arupi gerakan pindhah utawi ngèndha.[3]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id)Arti dendrit (dipunundhuh Tanggal 26 Oktober 2012)
  2. ^ (id)Pengertosan Dendrit (dipunundhuh Tanggal 26 Oktober 2012)
  3. ^ a b c d e (id)Bagéan lan Fungsi Jaringan Saraf (dipunundhuh tanggal 26 Oktober 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dendrit&oldid=863663"