Deket, Lamongan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kecamatan Deket
Kabupaten
Kabupaten Lamongan
Camat
---
Jembar
---
Penduduk
---
Desa/Kelurahan
---/---

Kecamatan Deket punika salah satunggiling kecamatan ing kabupaten Lamongan, Jawi Wétan, Indonésia.

Bab lan Paragraf

VISI [sunting]

Mujudaken kemakmuranipun para wargo ingkang sae kanti dipun lambari Iman lan taqwa sarto mumpuni wonten babagan ilmu pengetahuan.

MISI [sunting]

  1. Ningkataken kemakmuranipun para warga masyarakat kanti cara ningkataken hasilipun tetanen lan miyoro mino.
  2. Ningkataken kesadaranipun warga masyarakat salebetipun nindakaken Syariat agama kanti ngamalaken piwucal-piwucalipun.
  3. Ningkataken sarana lan prasarana deso ( margi lan irigasi).
  4. Ningkataken SDM para pangembating projo lan wargo masyarakat.
  5. Ningkataken salebetipun babagan keamanan supados warga masyarakat rumaos ayem lan tentrem.

Gegambaran Umum [sunting]

Kecamatan Deket salah setunggalipun kecamatan, saking 27 (pitulikur)kecamatan ingkang lumebet salebetipun pamprentahan Kabupaten Lamongan, ingkang tebihipun antawis 3 (tigo) kilometer saking punjeripun parentahan kabupaten,kanti inggilipun antawis 2 (kalih) meter saking lumahipun seganten.

Déné wates-watesipun :

  • Sisih ler  : Kecamatan Karangbinangun.
  • Sisih wetan  : Kecamatan Duduksampeyan,Kab. Gresik.
  • Sisih kidul  : Kecamatan Sarirejo.
  • Sisih kilen  : Kecamatan Lamongan.

Peranganipun Wewengkon [sunting]

Kecamatan Deket dumados saking 17 (pitulas) desa,55 (seket gangsal)dusun, 86(wolongdoso enem) Rukun Warga,259 (kalih atus seket sanga)RT.Dene jumlah pendudukipun dipun perang , jaleripun 21.234 (selikur ewu Kalih atus tigang doso sekawan) tiyang,estrinipun 21.811 (selikur ewu wolong atus sewelas) tiyang, kanti wiyaripun wewengkon: 4.004,84 ha. Ingkang dumados saking :

  • Kawontenanipun wewengkon  : siti ngare ( tanah datar )
  • Peranganipun siti  : - Alovial 26,8 % lan Gromosal 73,2 %
  • Sumber toya  : Sumber toya lebetipun roto-roto 25-30 meter
  • Mongso  : Kecamatan Deket iklimipun tropis kanti 2 (kalih) mongso, inggih meniko mongso rendeng lan mongso ketigo.

Desa-Desa [1] [sunting]

  • Sidareja
  • Dlanggu
  • Laladan
  • Deketkulon
  • Deketwétan
  • Sugihwaras
  • Dinaya
  • Sidamulya
  • Rejasari
  • Pandanpancur
  • Sidabinangun
  • Babatagung
  • Tukerta
  • Weduni
  • Tejatengah
  • Srinande
  • Plasabuden

Rujukan [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Deket,_Lamongan&oldid=462624"