David Luiz
Luiz playing for Chelsea |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | David Luiz Moreira Marinho | ||
| Tanggal lair | 22 April 1987 (umur 25) | ||
| Papan lair | Diadema, Brazil | ||
| Dhuwur | 1.85 m (6 ft 1 in) | ||
| Posisi pamain | Defender | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Chelsea | ||
| Nomer | 4 | ||
| Karir remaja | |||
| 1999–2001 | São Paulo | ||
| 2001–2005 | Vitória | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 2006–2007 | Vitória | 26 | (1) |
| 2007 | → Benfica (loan) | 10 | (0) |
| 2007–2011 | Benfica | 72 | (5) |
| 2011– | Chelsea | 12 | (2) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2007 | Brazil U20 | 2 | (0) |
| 2010– | Brazil | 5 | (0) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 8 May 2011. † Appearances (Goals). |
|||
David Luiz (lair 22 April 1987) utawa kang nduweni jeneng jangkep David Luiz Moreira Marinho iku salah siji pemain bal-balan kang asale saka Brasil, lan saiki dheweke ana ing Chelsea F.C., Liga Utama Inggris.[1] Dheweke anggone bal-balan iku dadi bek tengah, saliyane iku uga bisa dadi bek kiwa utawa tengen.[1]
David Luiz lair ing Diadema, São Paulo, Brasil. David Luiz melu ing Esporte Clube Vitória nalika umur 14 taun. Sadurunge dheweke ana ing São Paulo FC, nalika bal-balan dheweke wiwitane dadi gelandang bertahan utawa midfilder. David Luiz banjur dadi bek tengah lan isa trampil lan anggone bal-balan apik nalika dadi bek tengah. [1] Luiz mlebu kanthi resmi ing Esporte Clube Vitória wiwit taun 2006, menag mungsuh Santa Cruz Futebol Clube ing Copa do Brazil.[1]
Ing tingkat paling elek, yaiku divisi telu, Davis Luiz bisa nggawa Esporte Clube Vitória munggah ing divisi loro lan oleh juwara loro.[1] Ing tanggal 31 Januari 2007, Luiz gabung karo Sport Lisboa e Benfica. Ing taun kang pisannan ing Benfica, dheweke anggone bal-balan ora isa kanthi luwes lan prigel kaya biyasane. Nalika ing Piala UEFA mungsuh Paris Saint-Germain ing Parc des Princes, dheweke karo Anderson dadi bek tengah, nggantikake Luisao kang lagi lara. S.L. Benfica kalah 2-1, nanging maju ing babak teruse. amarga menangjumlahe gol.[2] Tanggal 31 Januari 2011, David Luiz melu ing Chelsea F.C. kanthi prabeya € 25 yuta, suwene limang taun kontrak. Dheweke pisanan melu bal-balan resmi ing Chelsea nalika tanggal 6 Februari, ngganteni José Bosingwa.[2]
[sunting] cathetan suku
- ↑ a b c d e www.chelseafc.com (diakses tanggal 15 Juli 2011)
- ↑ a b soccernet.espn.go.com (diakses tanggal 15 Juli 2011)