Darius Sinathrya
| Darius Sinathrya | |
|---|---|
| Lair | Darius Sinathrya 21 Mei 1985 (umur 28) |
| Pagawéyan | pembawa acara, aktor |
| Taun aktif | 2005-saiki |
| Garwa | Donna Agnesia |
| Anak | Lionel Nathan Sinathrya Kartoprawiro Diego Andres Sinathrya Quinesha Sabrina Sinatriya |
Darius Sinathrya Kartoprawiro (lair ing Kloten, Swiss, 21 Mei 1985; umur 28 taun).[1] Darius iku salah sijiné présènter lan aktor kang asalé saka Indonésia.[1] Acara kang paling kerep dipimpin yaiku acara olahraga.[1] Darius uga tau nampa bebungah dadi insan pertelevisian paling favorit pilihan pamirsa kanggo kategori pembawa acara olahraga ing ajang Panasonic Awards 2007.[2]
Saliyané dadi aktor, Darius uga nduwèni jabatan dadi manajer Tim Nasional Futsal Indonésia wiwit sasi Januari 2010.[3]
Darius ngugemi agama Katolik.[1]
Sinétron kang dibintangi Darius kayata sinétron kang judhulé Gatotkaca, Hantu Jatuh Cinta, lan Bukan Salah Bunda Mengandung.[1] Kariré diwiwiti nalika main film kang judhulé D'Bijis (2007).[1] Ing taun iku uga, Darius main film ing film kang judhule Naga Bonar (Jadi) 2 bareng karo Deddy Mizwar lan Tora Sudiro.[4] Film-film liyané kang tau dibintangi Darius kayata Pocong 3 (2007) lan Love (2008).
Kauripan pribadi[sunting]
Darius nikah karo Donna Agnesia nalika tanggal 30 Desember 2006.[5] Nalika tanggal 28 Juni 2007, Donna nglairaké anaké kang sepisanan.[5] Anak iki asil palakramané karo Darius.[5] Anak kang sepisanan iki diwènèhi jeneng Lionel Nathan Sinathrya Kartoprawiro.[6] Nalika tanggal 5 Mei 2009, Donna nglairaké anak kang kaping pindho saka palakramané karo Darius.[5] Anak kang kaping loro iki diwènèhi jeneng Diego Andres Sinathrya.[5] Nalika tanggal 1 Mei 2011, Donna nglairaké anaké kang kaping telu yaiku Quinesha Sabrina Sinatriya.[7]
Cathetan sikil[sunting]
- ^ a b c d e f (id)Profil ing KapanLagi.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
- ^ (id)Feny Rose - Darius Sinathrya Raih Panasonic Award 2007(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
- ^ (id)detikhot.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
- ^ (id)Deddy Mizwar Bikin Nagabonar Modern Dalam 'NAGABONAR JADI 2'(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
- ^ a b c d e (id)Pernikahan Donna-Darius Disambut Hujan(diundhuh tanggal 18 Juli 201)
- ^ (id)kapanlagi.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
- ^ (id)detikhot.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)