Dano

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Dano
Jeneng Koréa
Hangeul 단오 atau 수릿날
Hanja
Alih Aksara sing disampurnakaké Dano atau Surit-nal
McCune–Reischauer Tano atau Surit-nal

Dano inggih menika salah satunggaling festival ageng ingkang kalampahan ing dinten kaping 5 wulan kaping 5 kalender Imlek ing Korea.[1][2][3][4] Festival ugi dipunsebat suri/surin-nal ("dinten kaping 5"). Angka 5 miturut kapitadosan tradisional Korea kalebet angka kanthi sipat ingkang saé saéngga dipunpitadosi bilih nalika tanggal 5 wulan 5, sipat-sipat kasebut kempal kanthi gunggung ingkang paling kathah.[2] Kejawi menika, dipunpitados ugi bilih wonten ing dinten kasebut aktivitas angkasa dumugi ingkang puncakipun. Ing dinten kasebut, angin Korea sansaya panas lajeng mlebet ing mangsa panas.[2]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Kipas Dano

Sajarah perayaan Dano kaserat wonten ing cathetan-cathetan sejarah kuno ingkang nyerat babagan rakyat Tiga Kerajaan mastani festival menika "suri" ingkang ateges "roda".[3] Rakyat menika damel kué saking glepung beras ingkang dipuncampur kalihan godhong artemisia saéngga warninipun dados ijo lan dipundamel bentuk roda.[3] Wonten prakiraan bilih nama festival menika asalipun saking dhaharan kasebut. [3] Festival kuno menika dipunwarisaken dumugi samenika wonten ing Korea lan bènten kalihan festival ingkang dipunwontenaken ing Cina. Salah satunggaling variasi dano ing provinsi Gangwon inggih menika Gangneung Danoje (Festival Dano Gangneung) sampun dipunlestantunaken minangka salah satunggaling Karya Agung Warisan Budaya Lésan lan Nonbendawi Manungsa UNESCO.[5]

Kathah tradisi Dano ingkang dipunwontenaken ing Korea samenika dipunwarisaken saking periode Dinasti Joseon, ananging sapérangan sampun ical.[3] Dumugi ing pungkasan periode dinasti menika para menteri ing kabinet kerajaan damel tepas lan dipunparingaken kanggé raja minangka bebungah.[3] Lajeng raja mbagi-mbagi sedaya tepas kasebut dhateng para pejabat lan andhapanipun ing astana. [3] Kipas-kipas tersebut dinamakan dano buchae (kipas dano).[3] Tabib ingkang nyambut damel wonten ing klinik istana damel jehotang lan okchudan kanggé dipunsajèkaken dhateng raja lan para menteri.[3] Jehotang menika tonik ingkang kadamel saking larutan madu ingkang dipungodhog sareng kalihan plum garing (omaeyuk) lan rempah-rempah, déné okchudan menika pil kasarasan ingkang dipunlapisi bubuk kanthi warni emas. [3]

Wonten ing griyanipun rakyat, saben kulawarga nyerat sapérangan seratan mawi tinta abrit lan dipuntèmpèl wonten ing papan nama gerbang mlebet kanthi ancas nggusah arwah ingkang ala. [3] Seratan menika dipunparingi nama Dano bujeok utawi tangkal Dano.[3] Sami kados wonten ing griyanipun para warga, wonten ing gerbang astana ugi dipuntèmpèl Dano mawi tinta abrit ingkang muni "ing dinten kaping 5 wulan kaping 5", Chi You mawi kepala wesi, janggut wesi, tutuk abrit, lan ilat abrit badhé mbrantas 404 jinis penyakit lajeng berkah swarga lan kabegjan bakal melimpah. Meni aturan ingkang kedah dipunlampahi tanpa kasep utawi boten kaleksanan".[3]

Pirsani ugi[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (en)Dano, lifeinkorea.
  2. ^ a b c (en)Dano Festival, seoul.go.kr.
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m (en)Choe, Sang-su (1983). Annual Customs of Korea. Seomundang Publishing Company, Seoul, Republic of Korea.
  4. ^ (en)Seoul Dano Folk Festival, visitkorea.
  5. ^ (en)Gangneung Dano Festival, triptokorea.

Cithakan:Empat hari besar Korea

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dano&oldid=843279"