Daniel Defoe
| Daniel Defoe | |
|---|---|
Daniel Defoe |
|
| Lair | 1659 / 1661 (?) |
| Séda | 24 April 1731 (?) |
| Pagawéan | Penulis, jurnalis, mata-mata |
| Genres | Petualangan |
| Kapangaruh déning | Johann Wyss Jonathan Swift |
Daniel Defoe (jeneng lair Daniel Foe; London, 1659/1661 – 24 April? 1731) yaiku sawijining panulis lan jurnalis Inggris.[1] Bapaké dianggep masyarakat dadi wong kang murtad, amarga ora gelem dadi umat Gereja Inggris kang dadi Agama negara ing Inggris.[1]
Nalika isih enom, Daniel Defoe dadi bakul.[1] Pagawéan kang biasa dilakoni para kaum kang dianggep murtad karo para masyarakat ing jaman semana.[1] Sawisé rabi, Dhéwéké mèlu gabung ing usaha pambrontakan raja James II, lan akibaté usaha dagangé bangkrut.[1] Ing taun 1698 Daniel nerbitké karangan kang pisanan, bentuk esei, banjur Daniel dikenal dadi pengarang ing bab pokok-pokok pemerintahan.[1]
Minangka ahli politik kang liberal, tulisan-tulisané kang sifaté nyindir kuwi disenengi karo Raja William III.[2] Ing taun 1702, Ratu Anne wong konservatif lan anggota Gereja Inggris, munggah tahta.[2] Amarga kuwi Defoe ora disenengi lan akibaté dilebokké ning penjara.[2]
Ing umur 60 taun, Defoe mulai nulis fiksi.[2] Robinson Crusoe yaiku buku karyanè kang pisanan kang nyritakè petualangan ing taun 1719, dijupuk saka pengalaman Alexander Selkirk.[2] Liwat buku kuwi Defoe nyiptakkè genre anyar ing donya sastra, robinsonade.[2] Banjur dièloni karo Captain Singleton (1720), Moll Elanders (1722), lan liya-liyané.[2]