Daniel Dae Kim
| Daniel Dae Kim | |
|---|---|
Daniel Dae Kim signs autographs at the Hawaii International Film Festival, 2007 |
|
| Lair | 4 Agustus 1968 (umur 44) Busan, South Korea |
| Pakaryan | Actor |
| Taun aktif | 1991–present |
| Jeneng Koréa | |
| Hangeul | 김대현 |
| Hanja | 金大賢 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Gim Dae-hyeon |
| McCune–Reischauer | Kim Taehyŏn |
Daniel Dae Kim (lair tanggal 4 Agustus taun 1968) dheweke kuwi aktor saka Korea banjur pindah maring Amerika nalika umuré 2 taun.[1] Gedhé ing Easton, Pennsylvaia.[1] Kim lulusan saka Freedom High School ing Bethlehem, lan Haverford College ing Haverford Township, Pennsylvaia.[1] Dheweke uga melu program akting ning NYU nalika taun 1996.[1]
Dheweké kerep dadi paraga ing film kang wujude science fiction lan fantasi. [1] Pirang-pirang film kang wis tau dibintangi ing antarane Ci:Crime Scence Investigation, Star Trek: VOYAGER, STAR TREK: ENTERPRISE, CRUSADE, CHARMED, THE SHIELD, SEINFELD, NYPD BLUE, ER, lan THE ANDROMEDA STRAIN.[1] Sakliyané film-mau Kim uga main ana ing film SPIDER-MAN 2 dheweké nglakoni peran dadi ilmuwan ing laboatorium Doctor Octavius kang ngintukaké panghargaan pemenang Best Picture saka Acadeny Award.[1]
Ning taun 2005 Kim dinobataké dadi sawijining wong lanang paling seksi ning majalah People.[1] Ora namung kuwi dheweké uga dadi pengisi suara ing dedolanan SAINTS ROW lan 24: THE GAME.[1] uga ngisi suara Metron ing JUSTICE LEAGU UNLIMITED.[1] Ning sasi Juni 2009, Kim main ana ing film kang judule THE KING AND I kang digawe ana ing London, Inggris.[1] Banjur ning sasi September 2010 Kim uga tampil maneh ing film HAWAII FIVE-O Five meranake lakon Chin Ho Kelly.[1]
Nalika taun 2010, Daniel mainaké peran ning film kang judulé DEATHGAMES.[2] Bebarengan karo aktor-aktor kondhang saka hollywood.[2] dibintangi dening Kellan Lutz lan Samuel L Jackson.[2] film kang nyaritakaké babagan tarung tekan mati ora beda karo gladiator ning zaman Romawi kuno ananging karo setting modern.[2] Daniel Dae Kim meranaké guru bela dhiri kang diculik lan dipaksa tarung nganti mati ning arena karo karakter kang diperanké dening Samuel L Jackson.[2]
Dheweké njegur ning dunya film awit taun 1994.[2] Kondhang amarga mbintangi serial LOST.[2] Suksesé serial mau anggawé kariré nambah apik.[2]
FILM [sunting]
Film-film kang tau dibintangi dening Daniel Dae Kim[1]:
- 1994 : American Shaolin
- 1997 : Beverly Hills
- 1997 : NYPD
- 1997 : The Jackal
- 1998 : The Pretender
- 1998 : Brave New World
- 1998 : Seinfeld
- 1999 : For Love of the Game
- 1999 : Crusade
- 2000 : Star Trek
- 2000 : Murder, She Wrote: A Story to Die For
- 2001 : CSI
- 2001 : Angel
- 2001 : Charmed
- 2002 : 24
- 2003 : Cradle 2 the Grave
- 2003 : Tencu: Wrath of Heaven
- 2003 : Hulk
- 2003 : Ride or Die
- 2003 : Aka Ride or Die
- 2003 : Sin
- 2003 : Momentum
- 2003 : Star Trek: Enterprise
- 2004 : Aka Hustle and Heat
- 2004 : Spider-Man 2
- 2004 : Lost
- 2004 : Crash
- 2005 : The Cave
- 2006 : Saints Row
- 2006 : Justice League Unlimited
- 2006 : Avatar: The Last Airender
- 2006 : The Slanted Screen
- 2008 : The Andromeda Strain
- 2008 : The Onion Movie
- 2008 : Saints Row 2
- 2010 : The Adjustment Bureau