Danarto
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 802 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Danarto ingkang miyos wonten ingSragen, Jawa Tengah ing tanggal 27 Juni 1940 inggih punika salah satunggaling sastrawan saha pujangga Indonesia [1] Karya- karyanipun ingkang misuwur ing antawisipun kados ta kempalan cerpen, Godlob. Kempalan cerpenipun ingkang sanès kanthi irah - irahan, Adam Ma'rifat, dados jawara hadiah Sastra 1982 Dewan Kesenian Jakarta, saha Hadiah Buku Utama 1982. Ing taun 2009, Danarto pikantuk Ahmad Bakrie Award kanggé bidhang kesusasteraan.
Riwayat Pagesanganipun [sunting]
Danarto miyos ing Sragen saking tiyang sepuhipun Siti Aminah ingkang makarya dados bakulan ing pasar kabupaten sragen saha bapakipun kanthi asma Djakio Hardjosoewarno, ingkang minangka buruh pabrik gendhis Modjo. Danarto inggih putra kaping sekawan saking gangsal sedulur. Piyambakipun gadhah garwa, Siti Zainab Luxfiati ingkang dados psikolog. [2] Danarto sampun naté ngrampungaken Sekolah Dasar (SD), lajeng sekolah ing tingkat SMP, lajeng nerasaken sekolah SMA bagéyan sastra ing Solo. Lajeng ing taun 1958 – 1961 piyambakipun kuliah ing Akademi Seni Rupa Indonesia (ASRI) Yogyakarta jurusan Seni Lukis. [3] Ing sadangunipun kuliah ing ASRI Yogyakarta, piyambakipun aktip wonten ing Sanggar Bambu ingkang dipunpandhegani déning pelukis Sunarto Pr, saha aktip ndhirikaken Sanggar Bambu Jakarta. Ing taun 1979 – 1985 piyambakipun sampun naté makarya wonten ing majalah Zaman, lan ing taun 1976 ndherek International Writing Program ing Universitas Iowa, Iowa City, Amerika Serikat. Taun 1983 dhateng wonten ing Festival Penyair Internasional ing Rotterdam, Walanda. [1] Danarto ugi sampun naté tumut ing Teater Sardono, ingkang sampun naté pentas ing Eropa Barat saha Asia, ing taun 1974. Kejawi ngawontenaken pentas ing Kanvas Kosong (1973), piyambakipun ugi ngamwontenaken pameran puisi konkret ing taun 1978. Ing tanggal 1 Januari 1986, Danarto rabi kaliyan Siti Zainab Luxfiati. Ananging 15 taun salajengipun, piyambakipun pegat kaliyan garwanipun. Kejawi dados sastrawan, Danarto ugi misuwur dados pelukis ingkang sampun naté ngawontenaken pameran ing kathah kitha ing Indonésia saha ing njaban rangkah Indonesia. Minangka budayawan saha pujangga, piyambakipun naté ndherek program nyerat ing njaban rangkah Indonesia, kados ta ing Kyoto, Jepang.
Asiling Karya [sunting]
- Godlob, kumpulan cerpen, 1975
- Adam Ma'rifat, kumpulan cerpen, 1982?
- Orang Jawa Naik Haji, catatan perjalanan ibadah haji, 1983
- Asmaraloka
- Tarian dari Langit
- Begitu Ya Begitu, Tapi Mbok Jangan Begitu
- Gergasi: Kumpulan Cerita Pendek
- Berhala: Kumpulan Cerita Pendek
- Abracadabra
- Setangkai Melati di Sayap Jibril
- Kacapiring