Damarwulan
Damarwulan yaiku salah sijiné tokoh legénda cerita rakyat Jawa.[1] Kisah Damarwulan iki cukup populèr ing masyarakat lan akèh vèrsi lakoné, sendratari lan uga crita tulis kang wis digawé.[1] Umumé, kisah-kisah kuwi manut saka Serat Damarwulan, kang dikira mulai ditulis ing pungkasan panguasaan Majapahit.[1]
Ringkasan Crita[sunting]
Dicritakaké, jaman biyèn Damarwulan ngabdi dadi tukang ngarité Patih Loh Gender saka Majapait.[1] Amarga kapinterané, Damarwulan dadi abdi andalan Patih Loh Gender. Sak liyane kuwi, Anjasmara putri sang patih kesengsem lan seneng karo Damarwulan.[1] Banjur Damarwulan antuk tugas saka Raja Putri Majapait, yaiku Ratu Kencana Wungu, supaya nyamar kanggo ngalahaké Menak Jinggo panguasa Blambangan kang duwé niat brontak karo praja Majapahit.[1] Damarwulan kang gantheng bisa narik kawigatèn selir-selir Menak Jinggo, yaiku Waeta lan Puyengan.[2] Amarga pambyantuné Waeta lan Puyengan, Damarwulan bisa nétuk gaman ampuhé Menak Jinggo yaiku Gada Wesi Kuning.[2] Menak Jinggo banjur bisa dikalahké lan Damarwulan dadi Pahlawan.[2] Seliré Menak Jinggo diboyong, lan banjur Damarwulan nglamar sang Raja Putri Majapahit.[2]
Nanging, ing kesenian wayang Banyuwangi lan Janger, crita Menak Jinggo béda karo crita ing serat Damarwulan.[2] Menak Jinggo kuwi bagus, disenengi wong wadon, wicaksana, lan seneng tulung-tinulung karo rakyaté.[2] Menak Jinggo mbrontak amarga Kencana Wungu ora nepati janjiné ora gelem dipèk bojo Menak Jinggo sawisé Menak Jinggo ngalahké Kebo Marcuet kang gawé gègèr ing Majapahit.[2] Senajan Menak Jinggo bisa dikalahké Damarwulan, nanging Menak Jinggo dianggep kinurmatan.[2]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c d e f Koesoemawardhani, Goesti Raden Adjeng Siti Noeroel Kamaril Ngasarati. Damar Woelan ngarit. Toneelstuk van de Langendrija-Klitik (lakon wayang klitik). Soerakarta, 1930.
- ^ a b c d e f g h Tjakraningrat, Kangdjeng Pangéran Harja. Serat Damarwulan. Penerbit R. Soemodidjojo, Ngajogjakarta Hadiningrat, 1953.
