Dalan Tol Jagorawi
| Gambar:Jagorawi.jpg Dalan Tol Jagorawi ing Bogor-Ciawi interchange |
|
| Dawa | 46 km |
| Pembangunan | 1973-1978 |
| Pengelola | PT Jasamarga (Persero) Tbk. |
Dalan Tol Jagorawi iku dalan tol pisanan ing Indonésia sing wiwit dibangun ing taun 1973, ngubungaké Jakarta-Bogor-Ciawi. Dalan tol iki dibangun nganggo béya Rp350.000.000,00/kilometer kanthi kurs rupiah nalika uwi.[1] Dalan tol sing dawané luwih kurang 60 km iki diresmèkaké Presidhèn Soeharto ing tanggal 9 Maret 1978. Nalika diresmèkaké, dalan tol kasebut nembé ros Jakarta-Citeureup waé, kanthi karyawan 200 wong.[2] Dalan tol Jagorawi arupa dalan tol pisanan sing dibéayani APBN saka utang jaba negri, banjur pengelolaané diprecayaké marang PT. Jasa Marga minangka modhal wiwitan parusahan kasebut lan minangka penyertaan pamaréntah.[3]
Dalan tol Jagorawi dikelola déning PT. Jasa Marga Indonesia. Jagorawi dhéwé cekakan saka tembung (Ja)karta - Bo(gor) - Ci(awi). Dalan tol iki ngliwati Kutha Jakarta Wétan, Kutha Depok, Kabupatèn Bogor, lan Kutha Bogor.
Gerbang Tol [sunting]
| Gerbang tol | Kilomèter | Katrangan |
|---|---|---|
| Cililitan | 2 | Gerbang mlebu Dalan Tol Ubeng Jero kutha (arah Jakarta) |
| Ramp Taman Mini | 4 | Gerbang metu menyang TMII, Kramat Jati, Pondhok Gede |
| Taman Mini Utama | 5 | Gerbang akhir Dalan Tol Jagorawi (arah Jakarta) |
| Dukuh | 7 | Gerbang mlebu Dalan Tol Ubeng Jaba Jakarta |
| Pasar Rebo | 8 | |
| Cibubur | 13 | Gerbang metu menyang Cisalak, Cileungsi, Cikeas |
| Cibubur Utama | 14 | Gerbang awal Dalan Tol Jagorawi (arah Bogor/Ciawi) |
| Cimanggis | 18 | Telah dibuat gerbang tol Cimanggis Utama (pengganti Gerbang Tol Taman Mini Utama) |
| Gunung Putri | 24 | Gerbang metu menyang Bekasi dan Kranggan |
| Citeureup | 28 | Gerbang metu menyang Cibinong |
| Sentul | 34 | Gerbang metu menyang Sirkuit Sentul dan Kabupaten Bogor |
| Sentul Selatan | 37 | Gerbang metu menyang Sentul City Gerbang mlebu Dalan Tol Ubeng Jaba Bogor |
| Bogor | 42 | Gerbang akhir Dalan Tol Jagorawi (menyang Bogor Kota, Tajur, Kebun Raya Bogor) (arah Bogor) Gerbang awal Dalan Tol Jagorawi (arah Jakarta/Ciawi) |
| Ciawi | 44 | Gerbang akhir Dalan Tol Jagorawi (menyang Ciawi, Sukabumi, Gadog, Cisarua, Puncak) (arah Ciawi) Gerbang awal Dalan Tol Jagorawi (arah Jakarta/Bogor) |
Rujukan [sunting]
- ^ "Jagorawi", Arief Rahman Topan, Jurnal Republik. diaksès tanggal 15 September 2007.
- ^ "Profil PT. Jasa Marga (Persero)", Infotol, Astaga.com, 27 Februari 2006. diaksès tanggal 15 September 2007.
- ^ "Tol Jagorawi Merupakan Modal Awal PT Jasa Marga", Badan Penelitian dan Pengembangan SDM, Depkominfo, 4 September 2007. diaksès tanggal 10 Februari 2008.
|
|||||||