Dalan Tol Cipularang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Dawa | 54 km |
| Pembangunan | 2005 |
| Pengelola | PT Jasamarga (Persero) Tbk. |
Dalan Tol Cipularang (CIkampek - PUrwakarta - PadaLARANG) iku dalan tol ing Indonésia sing ngubungaké kutha Jakarta dan Bandhung. Dalan tol iki rampung dibangun ing pungkasan April 2005. Tol iki mbentang wiwit saka Cikampek - Purwakarta nganti Padalarang. Tol iki dumunung ing tlatah pagunungan saéngga dalané munggah-mudhun lan uga nduwèni akèh kreteg sing dawa lan dhuwur.
Pembangunannya dipérang dadi 2, yaitu:
- Tahap 1: Cikampek-Sadang lan Padalarang-Cikamuning (17,5 km)
- Tahap 2: Sadang-Cikamuning (41 km)
Liwat tol iki, jarak Jakarta-Bandhung mung mbutuhaké wektu 1 jam 30 menit (yèn ora macet) lan diitung saka Cawang.
Tol iki uga dipepaki alat pangukur kacepetan tetumpakan. Yèn ngliwati wates kacepetan, nganggo kamera.
| Tanggal | Kilomèter | Wilayah |
|---|---|---|
| 28 November 2005 | 91,6 | Pasir Honje, Purwakarta |
| 29 Januari 2006 | 96,8 | Kampung Lebak Ater, Kecamatan Darangdan, Purwakarta |
Bab lan Paragraf |
[sunting] Gerbang tol
| Jeneng | Kilomèter | Tujuan |
|---|---|---|
| Sadang | 79 | Purwakarta, Sadang, Subang |
| Jatiluhur | 85 | Purwakarta, Jatiluhur, Ciganea |
| Cikamuning | 115 | Cikamuning, Cikalong Wetan, Purwakarta |
| Padalarang Barat | 122 | Purwakarta, Cikampek, Jakarta, Cianjur, Bandhung, Cileunyi Gerbang perbatasan Dalan Tol Cipularang dan Padaleunyi |
| Padalarang | 123 | Padalarang, Cianjur, Cikalong |
[sunting] Kreteg
Ing ngisor iki dhaptar kreteg ing Dalan Tol Cipularang:
| Jeneng | Dawa | Kilomèter |
|---|---|---|
| Ciujung | 550 meter | 95 |
| Cisomang | 252 meter | 101 |
| Cikubang | 500 meter | 110 |
| Cipada | 720 meter | 110 |
| Cimeta | 400 meter | 117 |