Daihatsu Midget
Daihatsu Midget yaiku kendaraan kang roda telu (siji ing ngarep, loro ing mburi) kang tau diprodhuksi produsèn otomotif Jepang, Daihatsu.[1] Kendaraan iki ukurané cilik saéngga diwénéhi jeneng "midget" (kang tegese kerdil). [1]
Daihatsu Midget iku kendharaan Daihatsu kang sepisanan kang ana ing Indonésia lan luwih dikenal kanthi jeneng Bemo.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sejarah
Daihatsu jaman mbiyèn misuwur dadi prodhusèn truk cilik kang rodhané telu.[1] Sawisé Toyota nggawé truk kang rodané papat ing taun 1954 (kang misuwur kanthi jeneng Toyoace).[1] Daihatsu banjur ngrembakakaké kendharaan kang rodhané telu ing wektu iku kang antuk disopiri karo wong kang nduwé SIM mobil kompak ing Jepang.[1] Hasilé Daihatsu Midget kang wiwit dipasaraké nalika taun 1957.[1] Konsumèn nyatané seneng iklan Daihatsu Midget ing tivi Jepang kang dibintangi aktor komedi Kon Ōmura lan kanthi iklan iku, Daihatsu Midget banjur payu akéh.[2]
[sunting] Modhel
[sunting] Modhel DK
Modhél DK wiwit didol nalika tanggal 1 Agustus 1957. [1]Setir bentuké kaya stang sepeda motor. Panggonan kanggo nyetir nduwé penutup saka kanvas. [1]Bagéyan ruangan kanggo nyetir ora nduwé lawang.[1] Dawané Daihatsu Midget yaiku 2.540 mm, ambané 1.200 mm, lan dhuwuré 1.500 mm.[1] Penumpang kang bisa numpak Daihatsu Midget cacahé siji.[1] Saliyané iku Daihatsu Midget nduwé mesim tipe ZA, ana kipasé, kapasitas silinder 250 cc, bahan bakar bensin.[1] Daihatsu Midget nduweni kakuwatan maksimum 10 tenaga jaran. [1]Daihatsu Midget nduwé kecepatan maksimum 65 km/jam (spesifikasi saka katalog) lan maksimum muatan 300 kg,kanthi berat kosong 350 kg. [1]
[sunting] Chatetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.