Daihatsu Gran Max
Daihatsu Gran Max yaiku mobil saka pabrikan PT. Astra Daihatsu Motor kanggo minibus ing Indonésia. [1]Daihatsu wiwit dikenalké ing Indonésia nalika taun 2007 kanggo nggantekaké Daihatsu Zebra.[1]
Gran Max nggunakaké mesin-mesin kang wis diuji ing donyaning otomotif. [1]Daihatsu Gran Max minibus lan pick up nduwèni loro pilihan mesin bensin, yaiku K3-DE 1.300cc DOHC kang nduweni pendingin banyu (kanthi tenaga maks 88 PS/ 6000 rpm) lan KSZ-VE 1.500cc DOHC VVT-i (tenaga maks. 97 PS/6000 rpm). [1]Kanggo versi blind van, mung digawe kanthi mesin 1300cc. [1]
Miturut asil tès internal, Gran Max bisa digunakaké kanggo ngliwati banjir kang dhuwuré 60 cm.[1] Gran Max dirancang kanthi nggatekaké efisiensi khususé bahan bakar lan béa kanggo ngrumat mobil kang murah saéngga bisa ngirit ing babagan dhuwit.[1] Biyasane Daihatsu Gran Max dianggo bisnis utawa usaha.[1]
Ing pérangan èksterior ana owah-owahan ing wangun lawangé.[1] Yèn sadurungé nganggo lawang bagéyan mburi kang dibuka kanthi arah nyamping utawa ayun, saiki dibuka kanthi arah mendhuwur utawa kanthi cara diangkat.[1] Daihatsu ngarani iki kanthi jeneng front facing. [1]Lawang bagéyan mburi iki biyasané dianggo ing mobil kanthi modhèl hatchback lan SUV.[1]
Gran Max dièkspor ing Jepang kanthi jeneng Toyota Town Ace lan Modelista kanggo varian minibus lan Toyota Lite Ace kanggo varian pikap.[1]
Cacahe kang didol Gran Max [sunting]
Ing Indonésia, cacahé Gran Max kang bisa didol saben tauné yaiku:
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.