Crita cekak

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak :

  • Critane ringkes
  • Gegayutan karo lelakone manungsa
  • Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara

Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak :

  • Tema : gagasan penting sajroning crita
  • Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas
  • Penokohan : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga
  • Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita
  • Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku

Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun crita saka jroning crita kasebut.

Tuladha Crita Cekak[sunting | sunting sumber]

TAYUB MBAH JO

     Jayus pancen aneh. Nanging dudu Jayus yen ora aneh.  Kaya kelakuane sing keri-keri iki. Dheweke daftar penyiar radio. Oleh bageyan ngisi acara tayub mbah Jo. Wah ya gayeng. Wong pancen ya mumpuni medhar sabda. Sabda apa sing dibedhah? Sabda tayub !!....
       Oleh sewulan anggone dadi penyiar tayub mbah Jo, acara kuwi dadi acara idola ing wewengkon Bojanegara. Jam rolas awan nganti jam loro. Pas usume wong-wong padha leren makarya. Jayus laop-laop mbedhah surasane gendhing kang bakal diputer. Kadhang ya ditambah banyolanne kang khas. Seger.
                       “Caping nggunung menika nyariosaken salah setunggile pemudha anak negri kang rumiyinipun kesrakat. Tumut berjuang. Manggen teng dhusun-dhusun. Dening tiyang dhusun dipun openi. Sedaya kebetahan pangan dicekapi. Kathik taksih dipun lindhungi nalika manggihi bebaya kanthi diampili caping. Caping ngemu suraos lebet. Saged ugi caping menika kenging dipun artosaken benteng utawi markas tersembunyi. Nanging sareng sampun sekeca, urip mardika, piyambakipun lajeng kesupen kaliyan tiyang dhusun…..”
                       “Lha napa nggih enten ta , Mbah tiyang kados ngaten menika….”
                       “O, akeh. Malah jaman saiki saya akeh. Coba eling-elingen sapa sing bengak-bengok nalika usum kampanye kae?”
                       “Wahh… lha yen niku ngaten pun pedamelanipun ngoten ta, Mbah…”
                       Kaya mangkono pacelathon sadurunge gendhing tayub diputer.  Mulane acara tayub mbah Jo enggal bae populer. Dalan dalan, saben acara mau wis wiwit, malih sepi dadakkan. Warga kampung padha pilih nunggoni radione. Malah ana kang jor-joran banter-banteran nganggo disalon. Dilebokake sound system. Desa kiwa tengen pemancar radio kang nyiarake acara tayub mbah Jo mau malih dadi regeng merga radione wong-wong kampung dilebokake sound system….
                       Ora nganti rong wulan jeneng Jayus ing desane ora kocap. Sing ana mung jeneng, Mbah Jo. Ing pasar. Ing koplakan dhokar. Ing warung-warung kopi sing dirembug mung mbah Jo.  Tangga kiwa tengene yen ditakoni Jayus pengarang surialis ngono, malah ora ngerti. Ngertine mung mbah Jo …. Mbah Jo…..
                       Nalika Jayus nembe mlaku liwat ngarep  sawijine Sekolah Dasar, dumadakan mak gruduk…. Ana bocah selawe ngebyuk dheweke. Ngundang jenenge nganggo mbah Jo…
                       “Lha kae, Mbah Jooo….. aku njaluk tandha tangane , Mbah. Bapak kula mangke siang mang puterke gendhing sepedhah pancal, nggih Mbah…..” bocah-bocah mau padha ngrangkul dheweke, nggandheng tangane. Malah ana kang nggandhuli clanane.
                       “Iya…iya…mengko tak puterne. Wis kana padha sinau sing sregep. Mbesuk ben padha dadi wong pinter…”
                       Tekan protelon cedhak bakul dhawet, Jayus sumlengeren. Ora ngira yen penggemare ora mung wong-wong tuwa. Ning jebule bocah-bocah kang isih umbelen barang ya gandrung mbek acara tayub mbah Jo. Sanjeroning batine, rumangsa mbombong. Bocah-bocah kae mujudake generasi muda kang bakale ora ilang sifat jawane. Senadyan ing era globalisasi, pranyata tayub, Mbah Jo uga isih gelem ngrungokake------“ mangkono panglocitane
                       Mlebu plataran baledesa jam nuding angka sepuluh.  Dheweke menyang bale desa arepe poto Ka-Te-Pe. Wong nalika kuwi pancen pas usum-usuman KTP anyar.
                       “Mbah Jo. Mengke foto jejer kula nggih…”. Sawenehe priyayi putri rada sepuh nyemantani dheweke.
                       “Nggih, saged mawon,  Bu Dhe. Ning kula tak ndaftar rumiyin nggih.”
                       “Mangga kula sarengi yen ngaten, rak saged urut panggilane…”
                       “Pak bayan, nomer panggilan kula mang urutne kalih gadhahane, Mbah Jo, nggih. Awit kula kepengin poto jejer kalih kiyambake….”
                       “Ooooalah iki ta,  mbah Jo sing neng radio kae, bayan Kimun kandha sinambi noleh menyang, Jayus. Krungu tembung mbah Jo, wong-wong kang ngrubung ing papan kono banjur padha noleh.
                       “Pundi lho, Pak, mbah Jo- ne?”
                       “Lha iki …”
                       “Wah yen ngaten kula mangke mang urutne foto jejer kiyambake nggiih..”
                       “Kula enggih, pak…”:
                       “Kula enggih…..”
                       “Eeeee ora isa… mbah Jo wis janji arepe poto jejer aku….” Ibu setengah umur kang mau wis disemayani protes.
                       “Sampeyan kok nglarang-nglarang ki pernah apane?. Kono mbek kene rak padha ae…”
                       “Pokoke ora isa….aku luwih dhisik ngerti tekane …”
                       Akhire ibu-ibu kang padha kepengin poto KTP jejer karo, Mbah Jo malih padha tukaran. Cakar-cakaran. Malah ana kang jambak-jambakan barang. Sing rumangsa kuwat terus ninju kancane. Baledesa kono malih rame. Wong-wong kang rubung-rubung ing papan pendaftaran mau malih saya akeh. Ana kang kepengin misah ibu-ibu sing lagi padha gladhen yuda. Ning malah kecakar pipine nganti godras getih. Gladhen yuda nembe leren sawuse hansip desa misah nganggo penthungane. Ibu-ibu kang tumpuk undhung rebutan jejer, Mbah Jo, dipenthungi bokonge siji-siji.
                       “Mpun saniki ngaten mawon. Umpami dolotre ngaten dos pundi?”
                       “Mboten saged. Kula pun disemayani langkung rumiyin kok. Enak temen terus main lotre barang. Padhakne Togel pa-piye, Huh!!!,”
                       “Yen ngoten nggih rekaos. Mangka mengke jejerane rak namung tiyang sekawan klebet, Mbah Jo. Lha sanese mboten kumanan …”
                       “Nggih niki sedaya sareng mawon. Ngga Mbah ….”
                       Mbah Jo diseret dening ibu-ibu kang nembe gladhen mau menyang panggonan poto. Pun ngaten mawon, Mbah Jo teng tengah, sing tiga linggih sandhinge. Dene lintune teng wingkinge sami ngadek. Lho adil ta?”
                       “Lha dadose KTP mengke dos pundi?” sing arepe moto malih bingung.
                       “Pun ta sadados-dadose kula nggih purun. Anggere fotone sareng kalih, mbah Jo. Sebab kiyambake niku angger siaran ajeg mbela kaum wanita. Kula remen sanget. Gendhing-gendhing sing ajeg nyuraosaken sindiran kangge wanita dipun beber kanthi sae….”
                       “Dos pundi niki, pak Lurah?” sing moto protes menyang pak lurah.
                       “Wis turutana ae karepe ibu-ibu kuwi kareben marem.”
                       “Lha mengke KTP-ne pripun?”
                       “Fotone ketok sirahe thok cilik-cilik rak wis apik”
                       Temenan, sidane, Mbah Jo foto KTP dirubung Ibu-ibu. Ibu-ibu ngrubung mbah Jo sinambi poto KTP. Sadawane ratan kang dicatur dening wong-wong kampung ya mung kuwi. Mbah Jo dirubung ibu-ibu. Malah saya adoh nglanjak menyang tangga desa, kabare malih seje karo kenyataane. ------- Mbah Jo dirubung ibu-ibu nganti loyo…… nganti loyo mbah Jo diambungi ibu-ibu. Jare arep digawe poster tanggalan sing diwetokake  pemancar radio sing nyiarake acara tayub Mbah Jo….
                      Kabar ngayawara mau, keprungu menyang kupinge boss perusahaan jamu tradhisional. Naluri bisnise enggal tanggap. Niyate tanggalan mau arepe disponsori terus  ditempeli nganggo produk jamune. Obat kuwat. Wah mesthi hebat.!!!
                       Pranyata poto mau wis tekan kecamatan.  Ing kecamatan petugase uga bingung. ---------“Ana KTP kok potone mung sirah cilik-cilik iki piye?_____
                       “ Dilaporne pak camat ae, kene gak isa mutusi yen KTP kaya ngene,” liyane menehi usul.
                       “Wis wenehna ae KTP kuwi, mandhak wonge ya wis genah ae. Yen gelem ya kon padha poto maneh ae. Yen ora ya wis ben…”
                       “Lha mengke dados masalah ta, Pak?”
                       “Ora-ora… sing neng poto kuwi rak kabeh lansia. Mung mbah Jo dhewe sing isih gagah. Yen mbah Jo kepengin mbaleni anggone poto ya tawanana. Ning aja lali kon mbayar maneh….”
                       “Nggih, Pak…”
                       Pranyata, Mbah Jo dhewe ya marem weruh asile potone. Dheweke mutusake yen ora arepe njaluk dibaleni anggone poto. Bene kuwi ae. Sing bingung ya ben bingung. Mandhak ming foto ae kok dadi masalah ….
                       “Lho, mas…’ jebule sampeyan ta, Mbah Jo kuwi?:” sawenehe wartawan  kang arepe ngliput kedaeyan kuwi malih bingung. Jebul kang arepe diwawancarai ana penyiar radio diperkosa ibu-ibu mau kok kancane dhewe.
      gumun                 “Geneya? Ng ta?”
                        “Apa ora malah mundur? Sastrawan tulis malih dadi sastrawan lesan?”
                       “Apane sing mundur? Paling sing kandha kaya mangkono rak wong-wong tukang nggawe teori kae? “
                       “Sastra lesan apa bisa dadi sastra Cyber, Mas? Saiki rak jamane sastra Cyber?”
                       “Coba sing ngaku sastra Cyber mau nggawe-a pooling menyang internet utawa liyane. Pira jumlah pembacane? Ngko terus dibandhingake karo jumlah penggemarku. Wong-wong kae isane mung teori, umpama nyithak bata, dheweke pintere nggawe cithakan kang apik. Ning bareng didhasarake neng pasar? Pusss, sing  tuku mung siji loro. Lha yen kaya mangkono rak malah mundur. Secara tehnologi dheweke unggul.  Nanging kepriye carane amrih sastra tulis bali kuncara, malah ora dipikirake.  Akhire asil karyane mung ngebaki perpustakaan-perpustakaan, bale bahasa. Blas gak ana sing ndemok, kejaba sing nulis dhewe…..”
                       “Karepmu?”
                       “Karepku kwalitas ya dipikirake. Nanging pasar kanggo kelangsungan uripe media kang dadi ajang kreatifitas direwangi mbudidaya kepriye amrih lestarine. Yen kaya mangkono rak imbang ta?  Teori matenga nganti ndalu yen ajang kreatifitase mampet, sapa sing rugi?”
                       “Sampeyan wani, Mas?”
                       “Geneya gak wani? Wong nyatane ya kaya mangkono?”
                       “Yen ngono aku ra sida wawancara, Mas. Wis terusna anggonmu dadi penyiar Kareben ibu-ibu kae saya gandrung karo kowe…….”
                       Wartawan kancane ninggalake dheweke. Jayus ora perduli. Dheweke nyandhak rokok Ulunge, banjur wiwit laop-laop ngudhal gagasan mbedhah gendhing Ali-ali……*****

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Crita_cekak&oldid=883928"