Crita Rakyat
Bab lan Paragraf |
[sunting] Prakata
Crita Rakyat iku salah siji bentuk karya sastra awujud prosa utawa gancaran. Crita rakyat iki umumé kegolong jinis mithe sing isiné crita tokoh déwa utawa setengah déwa sing kaya-kaya kedadèn ing masa mbiyèn lan “ing donya liya”. Crita rakyat iku sastra tutur sing dicritakaké sacara lisan, turun temurun ing masyarakat, mulané crita rakyat iku biasané banjur akèh versi utawa gagragé.Crita rakyat ana uga kang ngarani dongeng. Crita rakyat mujudake sawijining crita prosa lawas kang urip ing masyarakat sing asale saka sawijining dhaerah lan dhuweni watak dhaerahisme. Crita rakyat uga disebut dongeng amarga anggone nyebarake sarana turun-temurun saka critane mbahe menyang anak putune kang dicritakake nalika turu.Dongeng ndhuweni watak anonim, amarga ora ana jeneng pangriptane. Ing jaman biyen crita rakyat digunakake minagka sarana penglipur lan pendidikan moral kang sinamun ing crita. Crita rakyat ana pirang-pirang werna, yaiku :
[sunting] Legenda
Yaiku crita kang nyritakake dumading papan utawa panggonan, kutha lan sapanunggalane kang ngemu sejarah. Tuladha :
- Dumadine kutha Boyolali dumadine gunung Tangkuban Prau, dongeng Roro Jonggrang lan sapanunggalane
[sunting] Fabel
Yaiku crita kang parangane kewan. Ing crita iki, kewan diumpamakake bis rembugan kaya lumrahe manungsa. Tuladha :
- Dongeng kancil karo keyong, kancil karo baya, lan sapanunggalane.
[sunting] Mite
Yaiku crita kang isine nyritakake bab kepercayaan anane roh lan kakuatan gaib. Tuladha :
- Dongeng Nyai Lanjar, dongeng Nyi Loro Kidul, dongeng Nyai Blorong lan sakpanunggalane
[sunting] Sage
Yaiku dongeng bab sejarah Tuladha :
- Dongeng Keris Empu Gandring, Keris Setan Kober, Tumbak Kiai Plered, lan sakpanunggalane