Crecchio
Crecchio kuwi sawijining kutha lan commune ing Provinsi Chieti, bagéan saka region Abruzzo ing Italia kidul. Jembar wewengkon 19,36 km2 lan cacahing pedunung 3.153 jiwa. Pérangan tlatah iki: Cardetola, Casino Vezzani, Consalvi, Contrada Marcone, Mucchiarelli, San Polo, San Polo Stazione, Vassarella, via Piana, Villa Baccile, Villa Consalvi, Villa Formicone, Villa Mascitti, Villa Selciaroli, Villa Tucci, lan Villavalentini. Komunitas kang wewatesan yakuwi: Aktivitas pedunung utamané ing babagan tetanèn lan turisme, nanging sawetara bisnis kulawarga cilik-cilikan uga ana.
Bab lan Paragraf |
Geografi[sunting]
Crecchio dumunung watara 10km saka panté Adriatik ing sisih tengah kidul region Abruzzo, ing provinsi Chieti. Crecchio kuwi gampang diparani liwat dalan gedhé nomer A14 (metu ing Ortona), yakuwi dalan utama ing Italia sadawaning panté Adriatik. Yèn wis metu saka dalan gedhé mau banjur ngetutké dalan kang tumuju menyang Guardiagrele lan Gunung Maiella. Morpologi tlatah iki didominasi déning lembah lan bukit. Elevasi désa iki watara 208 m sadhuwuring segara.
Demografi[sunting]
Tuwuhing pedunung

Sajarah[sunting]
Sumber sajarah nuduhaké anané kutha iki saora-orané wiwit abad ka-11, lan bukti arkeologi nuduhaké yèn tlatah iki wis didunungi manungsa wiwit jaman Romawi.
Panggonan wigati[sunting]
Bèntèng misuwur minangka panggonan jroning Perang Donya II yakuwi nalika, tanggal 10 September, 1943, sawisé gencatan sanjata, Raja Vittorio Emanuele III saka Italia, jroning lelaku saka Roma, nginep sawengi ing benteng sadurungé ninggalaké Italia saka plabuhan Ortona.
Muséum Etruscan lan Byzantine, akèh ditekani tamu saben taun, muséum iki dumunung ing jero bèntèng.
Economi[sunting]
Economi utamané dumadi saka babagan tetanèn, lan kebon anggur sarta zaitun ndominasi bukit lan lembah ing tlatah iki. Kebun anggur utama dumunung ing Montepulciano d'Abruzzo lan Trebbiano. Montepulciano ngasilaké anggur abang déné Trebbiano ngasilaké anggur putih. Sawetara aktivitas bisnis utamané ana ing babagan tekstil lan indhustri mesin.