Conraua goliath
| Goliath frog | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Amphibia |
| ordo: | Anura |
| kulawarga: | Ranidae |
| Genus: | Conraua |
| Species: | C. goliath |
| Jeneng binomial | |
| Conraua goliath (Boulenger, 1906) |
|
Conraua goliath utawa Kodhok Goliath yaiku spesies kodhok paling gedhe kang isih nyisa ing Bumi.[1] Kodhok iki bisa urip nganti 13 inci (33 cm) yaiku saka moncong nganti buntut, lan bobote ngancik 3 kg. Kodhok iki duweni habitat kang relatif cilik, utamane ing Afrika Barat (cedhake negara Gabon).[2] Katak Goliath bisa urip nganti 15 taun.[2] Panganane kodhok goliath yaiku kalajengking, serangga lan ceblong. Kodhok iki duweni pangrungon kang landhep nangning ora duwe kantung vokal.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Habitat
Kodhok goliath biasane ana ing kali-kali kang miline deres lan dhasare yaiku pasir ing negara-negara Afrika Barat, Kamerun lan Guinea Khatulistiwa.[2] Kali-kali iki biyasane ngandut oksigen akeh kang bisa digunakake kanggo ambekan.[2] Kali-kali iki rentange saka 125 mil pungkasan (200 km) saka cekungan Sanaga ing Kamerun ing lor nganti 30 mil pungkasan (50 km) saka dhaerah ilinan Kali Benito ing Guinea Khatulistiwa ing kidul.[3] Sistem kali panggonane kodhok kerep ditemokake ing dhaerah wewatuan padat, dhaerah kang lembab banget kanthi suhu kang relatif dhuwur.[2]
[sunting] Reproduksi
Kaya amfibi liyane, banyu minangka salah siji babagan kang wigati tumrap reproduksine.[4] Kodhok lanang bakal gawe dhaerah pembibitan lan ing jero kali kanthi nyurung watu ing pola setengah bunderan. Ora patiya dingerteni reproduksine kodhok goliath iki, nanging sebageyan ulama Afrika wis mulai nindakake panaliten amarga alesan medis.[5]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ (en) Crump, M.L. (2003). Grzimek's Animal Life Encyclopedia, 2nd ed., Vol. 6 Amphibians, Gale, page. 180
- ↑ a b c d e f (en) Duellman, W.E., ed. (1999). Patterns of Distribution of Amphibians: A Global Perspective, 325, The Johns Hopkins University Press. Page 210-232
- ↑ (en) Sabater-Pi, J. (1985). Contribution to the biology of the Giant Frog (Conraua goliath, Boulenger). Amphibia-Reptilia, 6(2), page 143-153
- ↑ (en) Amiet (2004). Conraua goliath. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 11 May 2006. Database entry includes a range map and justification for why this species is endangered
- ↑ (en) Duméril, A.M.C. and G. Bibron (1841). Erpétologie Générale; ou, Histoire Naturelle Complète des Reptiles, Librairie Encyclopédique de Roret, page. 659
[sunting] Pranala njaba
Informasi sing magepokan karo Conraua goliath saka Wikispecies.- Endangered Profile
[sunting] Media
- Photos of goliath frogs with people at Queensland Frog Society
- Conraua golaith at CalPhotos
Média sing magepokan karo Conraua goliath ing Wikimedia Commons.