Commelinales
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Commelinales | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Commelinales |
| Suku | |
|
pirsani tèks. |
|
Commelinales iku salah siji bangsa tetanduran ngembang sing klebu jroning klad commelinids (”core monocots”), monocots miturut Sistem klasifikasi APG II). Bangsa iki uga diakoni minangka takson jroning sistem klasifikasi Cronquist lan kacakup jroning anak kelas Commelinidae, kelas Liliopsida.
Ana limang suku tetanduran sing kagabung ing jeroné miturut sistem APG II:
- Commelinaceae (kanthi watara 650 spesies)
- Haemodoraceae (kanthi watara 75 spesies)
- Hanguanaceae (rong jinis saka Asia tropis)
- Philydraceae (limang jinis saka Asia tropis)
- Pontederiaceae (kanthi watara telung lusin jinis anggota sing urip ing perairan, klebu eceng gondhok).
Jroning Sistem Cronquist Commelinales anggotané Commelinaceae lan telung suku sing jroning sistem APG II dilebokaké sajroning Zingiberales.