Cokelat (grup musik)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cokelat
Cokelat (grup musik).jpg
Cokelat
Latar mburi
Lair 1996
Flag of Indonesia.svg Indonesia
Jinis Musik Rock, Pop
Perdamelan Band
Instrumèn Gitar, Drum, Bass
Taun aktif 1996 - samenika
Parusahan rekaman Sony Music Indonesia
Situs resmi http://www.cokelat.net
Anggota
Siti Sabariah Hadju - Sarah (vokal)
Otto Trijati Pambudi (additional drum)
Ernest Fardiyan Sjarif (gitar)
Febrianto Nugroho Surjono - Ronny (bass)
Edwin Marshal Syarif (gitar)
Mantan Anggota
Roberto Pieter (gitar)
Kikan (vokal)
Ervin Syam Ilyas (drum)

Cokelat inggih menika salah satunggalipun grup musik saking Kutha Bandung ingkang jumeneng tanggal 25 juni 1996.[1] Grup musik ingkang nggadhahi aliran pop menika milih nama Cokelat, wiwitanipun saking raos kepengin supados warni musik ingkang dipunsuguhaken saged dipunnikmati dening sedaya masyarakat, kados dene panganan ingkang manis 'Cokelat'.[1] Personil Cokelat ing antawisipun inggih menika Namara Surtikanti utawi Kikan (vokal), Ervin Syam Ilyas (drum), Ernest Fardiyan Sjarif (gitar), Febrianto Nugroho Surjono utawi Ronny (bass) lan Edwin Marshal Syarif (gitar).[1] Sanesipun menika wonten Roberto Pieter (gitar), ingkang sampun mundur saking grup menika.[1] Album Cokelat ingkang nate dipunrilis ing antawisipun, Untuk Bintang (2000), Rasa Baru (2001), Rasa Baru Spesial Edition (2002), Segitiga (2003), Dari Hati (2004) lan The Best of Cokelat - Tak Pernah Padam (2006).[1] Taun 2006, Cokelat ugi ngliris album ingkang kaping pitu. Ingkang sae saking album menika, Cokelat damel sedasa lagu wajib nasional Indonesia ingkang dipunaransemen malih saengga dados fresh.[1] Kalebet lagu Bendera karya Eross Chandra lan Satu Nusa Satu Bangsa karya L. Manik ugi wonten ing album Untukmu Indonesiaku.[1] Kalih taun salajengipun, ing taun 2008 Kikan lan kanca-kancanipun ngliris album ingkang kaping wolu kanthi irah-irahan Panca Indera.[1] Album menika kaisi lagu lan hit singel Salah dan Pinjam Hatimu. [1] Ananging, ing sasi Maret 2010, band ingkang sampun 14 taun yuswanipun, kedah ngedalaken Kikan ingkang dados vokalis lan Ervin Syam Ilyas sang drummer.[1] Samenika posisi vokalis dipungantos Sarah Idol.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j (id)Cokelat dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
  2. (id)Cokelat Manggung Penonton Adem Ayem dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala Njawi

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès