Coca-Cola
| Tipe | Soft drink (Cola) |
|---|---|
| Pabrik | The Coca-Cola Company |
| Negara asal | United States |
| Wiwit digawé | 1886 |
| Color | Caramel E-150d |
| Flavor | Cola, Cola Green Tea, Cola Lemon, Cola Lemon Lime, Cola Lime, Cola Orange and Cola Raspberry. |
| Varian | See Brand portfolio section below |
| Prodhuk kagandhèng | Pepsi Irn Bru RC Cola Cola Turka Zam Zam Cola Mecca-Cola Virgin Cola Parsi Cola Qibla Cola Evoca Cola Corsica Cola Breizh Cola Afri Cola |
Coca-Cola iku sawijining ombènan limun tanpa alkohol mawa gas karbon sing didol ing toko, restoran, lan mesin dodolan ‘’vending machine’’ sacara internasional. The Coca-Cola Company ngeklim yèn ombènan iki didol ing luwih saka 200 negara.[1] Coca Cola diprodhuksi déning ‘’The Coca-Cola Company’’ ing Atlanta, Georgia, lan kerep dicekak mung nganggo jeneng Coke (sawijining mèrk kadhaftar saka The Coca-Cola Company ing Amérika Sarékat wiwit 27 Maret, 1944) utawa (ing negara-negara Eropah lan Amérika) minangka cola utawa pop.[2] Wiwitané diangkah minangka sawijining patèn obat nalika ditemokaké ing pungkasan abad ka-19 d’ening John Pemberton, Coca-Cola diangkat déning pebisnis Asa Griggs Candler, sing taktik pemasarané nggawa Coke dadi dominan ing pasar ombènan donya ing abad-20.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Rujukan
- ↑ Brand Fact Sheet. Coca-Cola official website.
- ↑ http://www.trademarkia.com/coke-71468708.html
[sunting] Prodhuksi
[sunting] Bahan-bahan
- Banyu mawa gas karbon
- Gula (sukrosa utawa sirup fruktosa saka jagung gumantung negara asal)
- Kafèin
- Phosphoric acid v. Caramel (E150d)
- Perasa alami[1]
Siki kalèng Coke (12 fl ounces/355ml) ngandhut 39 grams karbohidrat (saka gula, watara 10 séndhok tèh.[2]), 50 mg sodium, 0 grams lemak, 0 grams potassium, lan 140 kalori.[3]
[sunting] Pengaruh marang kaséhatan
Studi nuduhaké "soda lan ombèn legi minangka sumber utama kalori jroning panganané wong Amérika",[4] akèh ahli nutrisi sing mrayogakaké yèn Coca-Cola lan ombèn limun liyané bisa mbebayani yèn kakèhan dikonsumsi, utamané marang bocah cilik ndadèkaké konsumsi ombèn limun minangka saingan tinimbang tambahan marang kaseimbangan panganan/ombènan. Studi nuduhaké yèn sing ngombé ombèn limun sacara régulèr ngalami asupan kalsium, magnesium, ascorbic acid, riboflavin, lan vitamin A luwih sithik.[5] Ombènan iki uga dikritik amarga migunakaké caffeine, sing bisa nuwuhaké ketagihan.[6]
[sunting] Rujukan
- ↑ http://www.letsgettogether.co.uk/DetailQuestionAnswer/QuestionID=2-color=df0f0b
- ↑ 1 séndhok tèh gula ana ~4 g
- ↑ http://www.thedailyplate.com/nutrition-calories/food/coca-cola/coca-cola-classic-12oz-can The Daily Plate
- ↑ www.sciencedaily.com
- ↑ Jacobson, Michael F. (2005). "Liquid Candy: How Soft Drinks are Harming Americans' Health". Retrieved June 10, 2005.
- ↑ Center for Science in the Public Interest (1997). "Label Caffeine Content of Foods, Scientists Tell FDA." Retrieved June 10, 2005.
[sunting] Pranala jaba
- CocaCola.com Coca-Cola website
- Coke.mobi Coca-Cola mobile website
- Kinescope of a live 1954 TV commercial for Coca-Cola (Internet Archive)
- Coca-Cola Advertising History
- theContourBottle.com Website dedicated to Earl R. Dean, the designer of Coca-Cola's contour bottle.