Citizen Kane
| Citizen Kane | |
|---|---|
| Gambar:Citizenkane.jpg Poster |
|
| Sutradara | Orson Welles |
| Produser | Orson Welles Richard Baer (kolega) |
| Panulis | Orson Welles Herman J. Mankiewicz |
| Paraga | Orson Welles Joseph Cotten Ruth Warrick Everett Sloane George Coulouris Ray Collins Agnes Moorehead |
| Distributor | RKO Radio Pictures (teatrikal) Paramount Pictures (paluncuran manèh 1991) Warner Bros. (DVD) |
| Durasi | 119 |
| Negara | Amérika Sarékat |
| Anggaran | $686,033 (prakiran) |
Citizen Kane iku film taun 1941, dibintangi déning Orson Welles ing film dawa pisanané. Ana rumor yèn crita film iki adhedhasar marang kauripan sawijining pebisnis misuwur William Randolph Hearst, Howard Hughes lan Samuel Insull. Welles nuturaké yèn tokohé Kane, adhedhasar luwih saka sawijining tokoh misuwur. Ing film F for Fake taun 1974, panjenengané nuturaké yèn Kane bakal adhedhasar marang Hughes, nanging banjur kailhami déning Hearst.
Merga film iki Orson Welles nyambut gawé cerak karo sinematograferé Gregg Toland. Bebarengan kaloroné nyambut gawé mawa gaya anyar sing jenengé "fokus njero."
Judul karyané yaiku RKO 281.
Akèh wong sing nyebut Citizen Kane film paling apik salawasé. Taun 1998, manggon ing peringkat angka siji ing dhaptar 100 Years... 100 Movies American Film Institute.
Jroning sapérangan babagan film iki mèmper film The Power and the Glory (1933).
Siji-sijiné aktor Kane sing isih urip nganti saiki yaiku Sonny Bupp, sing mainaké anak ragil tokoh utama sing jenengé Charles Foster Kane III.
Anggota kru pungkasan sing urip yaiku sutradara Robert Wise (uga ditepungi nggawé film The Sound of Music taun 1965). Panjenengané tilar donya tanggal 14 September 2005.