Ciliata
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 91 dinten 139 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Ciliates | |
|---|---|
| "Ciliata" saka buku Ernst Haeckel kanthi irah-irahan Kunstformen der Natur (1904) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukaryota |
| krajan: | Chromalveolata |
| Superfilum: | Alveolata |
| filum: | Ciliophora Doflein, 1901 emend. |
| Classes | |
|
Karyorelictea |
|
Ciliata (latin, cilia = rambut cilik) utawa Ciliophora/Infosoria sawijining jinis protozoa kang obah nganggo silia (rambut getar). Ciliata nduweni ukuran mikroskopis, ananging spesies kang paling gedhe ukurane bisa nganti 3 mm saengga bisa dideleng langsung tanpa nganggo mikroskop. Silia ing awak ciliata digunaake kanggo piranti obah lang golek pangan.[1]
Struktur Awak Ciliata[sunting]
- Ciliata biasane bentuke asimetris kajaba primitif, simetrinya radial.
- Awake diperkuat dening pelikel, yaiku lapisan jaba kang disusun dening sitoplasma padet.
- Awake diselimuti silia. Silia kang nyelubungi awak utama disebut silia somatic.
- Ciliata nduweni loro tipe inti (Nukleus), yaiku makronukleus (inti gedhe) kanggo pertumbuhan lan perkemabangbiakan, lan mikronukleus (inti cilik) minangka bahan inti kang diijolake nalika konjungsi.
- Ciliata nduweni organel kang fungsine kanggo njaga kaseimbangan banyu ing njero awake, yaiku vakuola kontraktil.[1]
Tuldhane anggota Ciliata kang paling dikenal yaiku Paramecium.Paramecium Caudatum yaiku jinis ciliata kang nduweni loro vakuola (vakuola makanan lan vakuola kontraktil) uga loro neukleus (makronukleus lan mikronukleus). Makronukleus disebut uga inti generatif.[1] Reproduksi dilakoni kanthi loro cara yaiku kanthi cara vegetatif lan generatif. Reproduksi kanthi cara vegetatif biasa biasane dilakoni kanthi cara pembelahan biner. Paramecium bisa mbelah kaping siji nganti kaping papat ing sedina. minangka reproduksi generatife kanthi cara konjungsi.[1]
Anggota kelas Ciliata laine yaiku Didinum, Stentor, Vorticella, Stylonechia, lan Balantidium coli.[1]