Chung Un-chan
| Chung Un-chan 정운찬 鄭雲燦 |
|
|
|
|
|---|---|
| Nembé mengku jabatan | |
| Wiwit njabat 29 September 2009 |
|
| Présidhèn | Lee Myung-bak |
| Didhisiki déning | Han Seung-soo |
|
|
|
| Miyos | 29 Februari 1948 (umur 65) Gongju, Korea (sekarang Korea Selatan) |
| Partai pulitik | Independen |
| Almamatèr | Universitas Naional Seoul Universitas Miami Universitas Princeton |
| Profèsi | Ekonom Profesor |
Chung Un-chan (lair ing Gongju, Chungcheongnam-do, Korea Selatan, 29 Februari 1948; umur 65 taun).[1] Chung Un-chan iku Perdana Mentri Korea Selatan saiki.[1] Chung Un-Chan iku salah sijiné profesor ing Universitas Naional Seoul wiwit taun 1978. [1]Nalika taun 2009 Chung Un-chan dipilih dadi Perdana Menteri.[1] Chung Un-chan njabat dadi presiden universitas wiwit saka Juli 2002 nganti Juli 2006. [1]
Sadurunge dadi presiden universitas, Dr. Chung iku dekan ing fakultas ilmu sosial nalika taun 2002. [1]Wiwit taun 1993 nganti taun 1994, Chung Un-chan dadi dekan ing kampus iku.[1] Saliyané iku Dr. Chung iku uga dadi profesor tamu ing Universitas Hawaii nalika taun 1983, sarjana tamu ing Sekolah Ekonomi London wiwit taun 1986 nganti tekan 1987, lan salah sijine Profesor tamu ing Universitas Ruhr (Jerman) nalika taun 1999.[1] Dr. Chung éntuk gelar B.A. ing bidhang Ekonomi ing Universitas Nasional Seoul nalika taun 1970, lan gelar M.A. ing bidhang ekonomi saka Universitas Miami (Ohio) nalika taun 1972.[1] Nalika taun 1978, Dr. Chung entuk gelar Ph.D. ing bidhang ilmu ekonomi saka Universitas Princeton.[1] Sasi Oktober 2004, Dr. Chung nampa Gelar Kehormatan ing bidhang pendhidhikan internasional ing Universitas Nasional Far Eastern kang manggon ing Vladivostok, Rusia.[1] Dr. Chung uga isih nulis lan neliti ing babagan penelitian ngenani ekonomi makro lan pasar uang.[1] Karya-karyané uga akéh kang wis dipublikasekaké ing bahasa Korea lan Inggris.[1]
Chung Un-chan tau mbukak acara KTT Media Asia Pasifik.[2] Acara iki dianakaké ing Seoul, Korea Selatan, amarga prihatin karo kahanan semenanjung Korea amarga ana kapal patroli angkatan laut Cheonan kang ndadekaké korban 38 wong mati lan wolu wong ilang.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.