Christian Bautista
| Christian Bautista | |
|---|---|
| Lair | 19 Oktober 1981 (umur 30) |
Christian Joseph Morata Bautista (lair ing Imus, Cavite, Filipina, 19 Oktober 1981; umur 30 taun) yaiku penyanyi, aktor lan model saka Filipina, kondhang ning Asia, kayata ning Indonésia lan ning Thailand.[1] Christian miwiti kariré ning taun 2003 meluni sawijining kontes bakat yaiku Star In A Million, kang dianakaké ning saluran TV ABS-CBN, Filipina.[1] Christian sukses menangaké kontes bakat mau ngeraih juara kapapat.[1]
Christian Bautista sempet njalin asmara karo Rachelle Ann Go, penyanyi lan modhel saka Filipina.[1] Hubungan mau mandhek sawise rong taun dilakoni, diakoni mandhek ning taun 2007.[1] Sawise pesta kemenangan saka suksesé ning program panggolekan bakat Star In A Million kapungkur, banjur Christian Bautista nandhatangani tawaran kontrak karo Warner Music Philippines.[1] Dheweké sibuk nggarap album kapisané kang diwenehi judul COMPLETELY lan sukses ning taun 2005, kanthi lagu andhalané The Way You Look at Me kang kondhang ing donya, uga Indonésia.[1] Album kasebut sukses digarap lan sukses ing negara-negara Asia Tenggara.[1] Banjur dheweké mulai populer ning negara-negara Asia Tenggara khususé Indonésia, Malaysia, Singapura lan Thailand.[1]
Sukses ning dunya tarik swara dheweké miwiti jajal ning dunya akting, liwat castingé ning sijining opera sabun kang judulé KAMPANERANG KUBA taun 2005.[1] Sakdurungé, Christian uga tau melu ana ing teater, kaya teater kang judule THE LION, THE WITCH & THE WARDROBE (2002), JOSEPH THE DREAMER (2002) lan WEST SIDE STORY (2008).[1]
Ning taun 2011, sadurungé filmé dirilis, soundtrack-e wis dadi favorit. [2] Single mau judulé I'm Already King, soundtrack film SIMFONI LUAR BIASA, kang diperanaké dening Christian Bautista lan Gista Putri.[2]
Ning sawijining acara musik televisi ning Filipina, I'm Already King kang uga dinyanyikaké dening Christian Bautista iki sukses ana ning posisi 10.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] DISKOGRAFI[1]
[sunting] THEATRE
- 2002 THE LION, THE WITCH & THE WARDROBE
- 2002 JOSEPH THE DREAMER
- 2008 WEST SIDE STORY
[sunting] STUDIO ALBUMS[1]
- 2004 CHRISTIAN BAUTISTA
- 2005 COMPLETELY
- 2008 CAPTURED
- 2009 ROMANCE REVISITED: THE LOVE SONGS OF JOSE MARI CHAN
- 2010 A WONDERFUL CHRISTMAS
[sunting] LIVE ALBUMS[1]
- 2006 JUST A LOVE SONG... CHRISTIAN BAUTISTA LIVE!
[sunting] COMPILATIONS[1]
- 2008 FACE OFF
- 2009 THE PLATINUM COLLECTION
[sunting] ALBUM LAINNYA[1]
- 2006 JUST A LOVE SONG... CHRISTIAN BAUTISTA LIVE!
- 2009 THE PLATINUM COLLECTION
- 2005 SO IT'S YOU (Movie Soundtrack)
- 2005 NASAAN KA MAN(Movie Soundtrack)
[sunting] FILMOGRAPHY[1]
- 2003 STAR IN A MILLION
- 2004 ASAP
- 2005 KAMPANERANG KUBA
- 2006 YOUR SONG
- 2006 MANO PO 5: GUA AI DI (I LOVE YOU)
- 2008 THE CHRISTIAN BAUTISTA SHOW
- 2009 YOUR SONG PRESENTS: FEB-IBIG
- 2010 KULILITS
- 2010 TAKE ME OUT (INDONESIA)
- 2010 YOUR SONG PRESENTS: BEAUTIFUL GIRL
- 2011 STAR POWER
- 2011 A SPECIAL SYMPHONY (Indonesia)
- 2011 THE KITCHEN MUSICAL (Asia)