Chris Brown
| Chris Brown | |
|---|---|
Chris Brown ing Brisbane Entertainment Centre
|
|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Christopher Maurice Brown |
| Lair | 5 Mei 1989 (umur 24) |
| Asal | Tappahannock, Virginia, Amèrika Sarékat |
| Génré | R&B, pop, dance |
| Pegawéyan | Penyanyi-panulis lagu, rapper, penari, aktor |
| Taun aktif | 2005–saiki |
| Label | Jive, Zomba, LBW |
| Situs wèb | ChrisBrownWorld.com |
Chris Brown kang nduwèni jeneng jangkep Christopher Maurice Brown iku, lair ing Tappahannock, Virginia, Amèrika Sarèkat tanggal 5 Mei 1989. [1] Dhèwèkè kalebu penyanyi saka ras kulit ireng.[1] Chris Brown yaiku salah siji penyanyi lanang kang nyanyikaké jinis musik RnB. [1][2] Kawit cilik Chris wis mulai ngatonaké yèn dhéwéké nduwèni bakat nari. [1] Nalika umur 11 taun, Chris nembé sadhar yèn dhéwèkè uga nduwèni bakat nyanyi. [1] Taun 2004, Chris nggawé kontrak karo Jive Records lan ngrekam album kapisanané kanthi irah-irahan Chris Brown kang metu ing taun 2005. [1] Album kapisanan iki bisa payu didol nganti 155.000 copy suwèné mung seminggu thok.[1] Kasuksésan iki dibuktékaké ing album kang kaping pindho kanthi irah-irahan Exclusive ing taun 2006. [1] Album iki bisa payu nganti 300.000 copy mung ing minggu kang pisanan saka metune album iku.[1]
Chris tau digosipaké pacaran karo penyanyi Rihanna. [1][2] Nanging ing tanggal 8 Februari 2009, Chris Brown dicekel pulisi amarga gelut karo Rihanna. [1]
Pranala njaba [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.