Chistopher Crockerel
Cristopher Crockerel yaiku penemu kendharaan kang bantalan udhara. [1]Kendharaan iki awujud kapal laut lan bisa mlaku ana ing udhara. [1]Kapal iki disurung dening baling-baling kang ana ing dhuwur lan nggunakake mesin ACV (air-chusion vehicle). [1]Mesin iki dirancang kanggo oprasi. [1]Bantalan udhara ing kapal iki ana ing sentimeter dhuwure permukaan lemah lan banyu. [1] Bantal udharane dilengkapi pirang-pirang kipas kang duweni tenaga gedhe lan muter ing poros vertikal kang diarahake ana ing ngisore laut. [1]Mesin ACV bisa nyandak kecepatan 100 knot mill laut. [1]Kapal iki uga bisa diopraseake ing dhuwur pantai, daratan, lan perairan dangkal.[1] Nalika pengujian, kapal iki bisa mluncur kanthi kecepatan kurang luwih 185 km/jam mung kanthi nggunakake separo tenaga ACVne wae.[1] Kendharaan iki ditemokake dening Cristopher Cockerel. [1]Christopher lair taun 1910 ing Inggris. [1]Dheweke nyiptakake hovercraff taun 1955.[1] Nalika kuwi, Christopher nyoba mikirake kepiye carane nggunakake semburan udhara ing ngisor laut kanthi kuwat kanggo ngangkat motor boat ing dhuwur banyu, supaya bisa obah.[1] Pungkasane, Christoper kasil anggone mujudake pamikiran kuwi.[1] Dheweke banjur kanda marang Kerajaan Inggis ngenani panemone mau.[2] Wong kerajaan kandha menawa panemon iki wigati banget.[2] pemerintah Inggis banjur menehi wewenang marang Christopher supaya gawe hovercraff kanthi ukuran kang gedhe.[2] Sawise hovercaff dadi, banjur digunakake taun 1969.[2]