Changgeuk
Changgeuk (창극) yaiku jinis pementasan opera Korea kang ngrembaka saka kesenian pansori (opera tradisional).[1] Jinis opera iki didayani déning pirang-pirang aspek opera kulon nanging nyritakake crita rakyat Koréa.[1] Yen pansori dinyanyekake dening sawijining penyanyi, mula ing changgeuk ana pirang-pirang penyanyi.[1] Changgeuk kang wiwitan dipentasake taun 1903 ing Hyeopnyulsa, sawijining téater kulon kang wiwitan ing Koréa.[1] Pementasan wiwitan changgeuk yaikucrita Chunhyang dening pirang-pirang aktor, salah sijine yaiku Kang Yong-hwan.[1] Ing taun 1908, sawijining bentuk téatrikal kang mbagi peran lan serangkaian adegan nyanyi dipéntasake ing Téater Wongaksa.[1] Ing taun 1933, bentuk opera changgeuk sansaya kukuh kanthi anane Masyarakat Musik Vokal Joseon.[1] Panggung kang digunakake yaiku panggung teater kas kulon.[1]
National Changguk Company Of Korea [sunting]
National Changguk Company Of Korea (NTOK) yaiku sawijining organisasi opera Changgeuk kang ngadeg taun 1962 lan aktif nganti saiki nalika mentasake opera kang adhedhasar crita rakyat Korea.[2]
Delengen uga [sunting]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h Lee, Mee-won (Summer 1997). "The Roots and Transmission of Korean Performing Arts". Koreana 16: 20-21. http://koreana.kf.or.kr/pdf_file/1997/1997_SUMMER_E016.pdf.
- ^ (en)The National Changguk Compoany Of Korea, ntok. Diundhuh tanggal 29 Mei 2010.