Chandrika Kumaratunga
|
Chandrika Kumaratunga
|
|
|
Presiden Sri Lanka ke-5
|
|
| Mangsa jabatan 12 November 1994 – 19 November 2005 |
|
| Pejabat sadurungé | Dingiri Banda Wijetunga |
|---|---|
| Pengganti | Dr Mahinda Rajapaksa |
|
|
|
| Mangsa jabatan 19 Agustus 1994 – 14 November 1994 |
|
| Pejabat sadurungé | Ranil Wickremesinghe |
| Pengganti | Sirimavo Ratwatte Dias Bandaranaike |
|
|
|
| Lair | 29 Juni 1945 (umur 66) Ceylon, kini Sri Lanka |
| Partai pulitik | Partai Kebebasan Sri Lanka |
| Pasangan | Vijaya Kumaratunga |
| Anak | Yasodhara and Vimukthi |
Chandrika Bandaranaike Kumaratunga (lair 29 Juni 1945) Presiden kaping lima ing Sri Langka (lan kapapat kanggo jabatan Presiden Eksekutif) Sri Lanka (12 November 1994 - 19 November 2005).[1] Dheweke pemimpin Sri Lanka Freedom Party (SLFP) lan Aliansi Kebebasan Rakyat Bersatu (UPFA) nganti tekan taun 2005.[1] Bapake, Solomon Bandaranaike yaiku menteri pemerintahan kang dadi Perdana Menteri Sri Lanka.[1] Bapake mati nalika taun 1959, nalika umure Chandrika nembe 14 taun.[1] Sawise bapake mati, ibune, Sirimavo Bandaranaike dadi Perdana Menteri wanita kaping pisan ing donya yaiku nalika taun 1960.[2] Lulusan Universitas Paris iki fasih anggone migunakake basa Sinhala, Inggris lan Perancis.[2] Dheweke nikah karo aktor lan politikus Vijaya Kumartunga ana ing taun 1978.[2] Vijaya banjur dipateni nalika taun 1988.[2] Chandrika kapilih dadi PM pemerintahan Aliansi Rakyat tanggal 19 Agustus 1994, lan kapilih dadi Presiden ana ing pemilu kang dianakake sasi November ana ing taun kang padha.[2] Ibune banjur dilantik kanggo ngateni dadi PM.[3] Ana ing mangsa pemerintahane, dheweke njajal upaya damai kanggo kelompok separatis Macan Tamil nanging gagal, lan wiwit saka kuwi dheweke nganggo strategi kang lewih berbau militer marang kelompok mau.[3] Dheweke kelangan pandhelengane ana ing mata sisih tengen nalika ana sawijining wong kang nglakokake bom bunuh diri lan nyoba mateni dheweke nalika kampanye kanggo pemilu taun 1999.[3]