Carlo Collodi
| Carlo Collodi | |
|---|---|
| Lair | {{{birth_date}}} |
| Pagawéan | Penulis, Novelis |
| Genres | Buku anak-anak |
Carlo Collodi (nama pena saka Carlo Lorenzini) yaiku pengarang dongeng boocah-bocah kang misuwur kanthi irah-irahan Pinokio.[1] Dongeng Pinokio minangka sawijining crita pendhidhikan ngenani boneka kayu kang bisa malih dadi bocah lanang kang diaranai Pinokio amarga direwangi dening peri.[2] Pinokio nduweni petualangan kang ngrubah saka bocah nakal lan seneng ngapusi dadi bocah kang apik lan manut marang wong tuwa.[2]Saliyane dadi pengarang dongeng, dia uga dikenal minangka penulis artikel ing surat kabar, buku, lan novel.[3] Carlo Collodi minangka ana barep saka 10. Bapake yaiku Domenico Lorenzini, sawijining juru masak, lan Angela Orzali, sawijining penjahit.[3] Dari 10 mau, mung wong lima kang kasil, salah sijine yaiku Collodi.[4] Nalika isih cilik, dheweke manggon ana ing desa knathi aran Collodi nganti dheweke rampung saka sekolah dhasar lan dikirim ana seminari kang suwene 5 taun.[4] Sawise lulus saka seminari, dheweke nyambut gawe dadi tukang adol buku.[3] Nalika ana pergerakan unifikasi atawa persatuan Italia kawit penyebar, Collodi kang mumure 22 taun dadi jurnalis kang melu merjuangake kemerdekaan Italia.[3]Taun 1848, dheweke ngedekake jurnal kang diarani Lampu (Il Lampione) kang ngemot sindiran-sindiran lan jurnal mau ditutup taun 1849.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en) "Biography of Carlo Collodi". diaksès tanggal 8 Mei 2010.
- ^ a b (en) "Carlo Collodi (1826-1890)", 2008.
- ^ a b c d e (en) "Carlo Collodi: other works", 2010.
- ^ a b (en) Carlo Collodi, Ann Lawson Lucas (2002). The Adventures of Pinocchio. Oxford University Press, USA. ISBN 978-0-19-280150-0.Hal. v-vii(Bagian Introduksi)