Carl Sagan,
| Carl Sagan | |
|---|---|
| Lair | 9 November 1934 Brooklyn, New York, AS |
| Pati | 20 Desember 1996 (umur 62) Seattle, Washington, U.S. |
| Padunungan | Ithaca, New York, U.S.[rujukan?] |
| Kabangsan | Amerika Serikat |
| Babagan | Astronomi dan ilmu keplanetan |
| Institusi | Cornell University Harvard University |
| Alma mater | Universitas Chicago |
| Misuwur amarga | Search for Extra-Terrestrial Intelligence (SETI) Cosmos: A Personal Voyage Voyager Golden Record Pioneer plaque Contact |
| Notable awards | Oersted Medal (1990) NASA Distinguished Public Service Medal (dua kali) Pulitzer Prize for General Non-Fiction (1978) NAS Public Welfare Medal (1994) |
Carl Edward Sagan (lair ing Brooklyn, New York, Amerika Serikat, 9 November 1934 – tilar donya ing Seattle, Washington, AS, 20 Desember 1996 kanthi yuswa 62 taun)[1]. Dheweke astronom saka Amerika, pelopor disiplin ilmu eksobiologi, lan panggagas nggolek makluk cerdas saka luar angkasa (Search for ExtraTerrestrial Intelligence/SETI)[1]. Dheweke dikenal ing sapenjuru donya amarga buku-buku best-seller kanthi tema sains populer sing ditulis[1].
Biografi[sunting]
Carl Sagan lair ing Brooklyn, New York, tanggal 9 November 1934. Bapake pegawai garmen, dene ibune ibu rumah tangga. Nalika cilik uripe dheweké sederhana amarga upah nyambut gawe wong tuwane uga pas-pasan. Dheweke kuliah ing Universitas Chicago banjur oleh gelar sarjana (1955) lan master (1956) ing bidang fisika. Sakdurunge wis nate oleh gelar doktoral ing bidang astronomi lan astrofisika taun 1960 uga ing Universitas Chicago
Rujukan[sunting]
- ^ a b c carlsagan.com