Carica
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 997 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| carica | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Rosids |
| ordo: | Brassicales |
| kulawarga: | Caricaceae |
| Genus: | Vasconcellea |
| Species: | V. pubescens |
| Jeneng binomial | |
| Vasconcellea pubescens A.DC. |
|
| Sinonim | |
Carica utawa karika (Carica pubescens[1] utawa Vasconcellea cundinamarcensis[2]) yaiku tanduran kang kalebu jroning golongan famili Pepaya. Ananging beda karo kates kang urip ing dhaerah panas , carica namung bisa urip ig dhaerah dhataran dhuwur kanthi suhu udara relatif adem. Ing indonesia carica utawa kang uga dikenal kanthi jeneng kates gunung akeh urip ing Dhataran Tinggi Dieng.[1] Carica namung urip ing dhataran dhuwur kang duwe dhuwur watara 1500 – 3000 meter ing dhuwur segara. woh iki konon asale saka Andes Amerika Kidul[2].
Khasiat Carica [sunting]
Woh Carica wis dikenal umum bisa kanggo nglancarake pencernaan panganan. Ananging sakliyane iku carica uga duwe khasiat liyane, ing antarane: Carica akeh ngandhut enzim papain, yaiku enzim kang duwe fungsi nyepetake pencernaan Protein. Enzim papain jroning kates bisa nyerna zat akehe 35 kali luwih gedhe saka ukurane dhewe, senajan kandhutan enzim papanin jroning carica (4-6 gr) ora saakeh jroning kates ananging kabeh bisa diserap awak lan bisa ngaruh karo produksi hormon manungsa. ana uga paneliten anyar kang nemoake kandhutan Arginin jroning woh carica bisa menghambat pertumbuhan sel-sel kanker Payudara.[1]
Kandhutan Papain jroning woh Carica uga duwe sifat antiseptik lan bisa ngrewangi nyegah perkembangbiakan bakteri kang ngrugenu jroning usus. ngrewangi normalake pH usus saengga kahanan usus dadi normal. Kandhutan Vitamin C jroning carica luwih dhuwur dibanding kandhutan Vitamin C jroning jeruk. Carica uga duwe kandhutan Vitamin A kang luwih dhuwur dibanding Wortel. sakliyane iku Carica uga akeh kandhutan vitamin B kompleks lan Vitamin E kang apik kanggo kasehatan awak.[1]