Cao

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cao ijo
Cao ireng

Cao utawa Cincau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) yaiku gèl kang mèmper ager-ager. [1]Cao digawé saka cem-ceman godhong tanduran cao.[1] Gèl kabentuk awit godhong tanduran iku ngandhut karbohidrat kang bisa ngiket molekul-molekul banyu. [1]

Tembung cao asalé saka dialék Hokkian sienchau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) kang biyasané diunékaké wong Tionghoa ing Asia Tenggara.[1] Cao dhéwé ing basa asalé sabenere yaiku jeneng tanduran (Mesona spp.) kang dadi bahan kanggo nggawé gel iki.[1]

Cao paling akeh digunakaké dadi bahan kanggo nggawé ombènan kayata ès cao utawa ès campur.[1] Cao uga nduwéni éfék penyejuk lan peluruh.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Carané nggawé

Cara nggawé cao kang sepisanan yaiku kanthi ngrendhem godhong cao kang wis diremes-remes utawa diajurké.[1] Ana uga kang nggunakaké kanthi cara nggodhog godhong cao dhisik.[1] Sawisé iku banjur diwénéhi soda kué.[1] Soda kué iki gunané kanggo ngawétaké.[1] Werna cao akéh macemé, ana kang nduwéni werna ijo kenthel, ireng transparan. [1]Konsistensiné uga werna-werna.[1] Werna lan konsistensi iki béda-béda awit tanduran kang dianggo nggawé uga béda-béda.[1]

[sunting] Tanduran kang ngasilaké cao

Tanduran kang ngasilake cao yaiku:

  • Tanduran saka genus Mesona, khususé M. procumbens, M. chinensis kang akéh ditandur ing Tiongkok bageyan selatan lan Indocina, utawa M. palustris (dikenal kanthi jeneng lokal Janggelan) kang akeh ditemokake ing Indonesia, tanduran iki ngasilaké cao kang wernané ireng.[1]
  • Cylea barbata Myers utawa cao ijo, ngasilaké cao kang wernan ijo lan rada luwih kentel konsistensiné.[1]
  • Melasthoma polyanthum utawa cincau perdu.[1]

"Woh" botani dudu woh ananging syconia) Ficus pumila (fikus rambat) ing Tiongkok uga digunakaké dadi bahan jinis cao liyané kang diarani "pai-liang-fen"[2] Woh iki didol dadi grass jelly kaya cao utawa ai-yu jelly.[2]

[sunting] Cao ijo

Tanduran cao ijo (C. barbata Myers.) mrambat, godhongé nduwéni werna ijo pucet lan ana rambuté ing dhuwur godhong.[3] Saliyané ngasilaké cao, ékstrak tanduran iki uga ngandhut zat anti-protozoa, tetrandine, yaiku alkaloid, khususé marang panyebab malaria Plasmodium falciparum.[3]


[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)
  2. a b (id)waynesword.palomar.edu(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)
  3. a b (id)unibas.ch(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Cao&oldid=654939"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès