Camille Saint-Saëns

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Saint-Saens

Charles-Camille Saint-Saëns (pocapan Prancis: [ʃaʁl kamij sɛ̃sɑ̃s]; ingkang miyos ing tanggal 9 Oktober 1835 saha séda ing tanggal 16 Desember 1921 inggih punika salah satunggaling komponis, organis, dirigen saha pianis saking Perancis, ingkang misuwur mliginipun saking asiling karyanipun kanthi irah-irahan The Carnival of the Animals, Danse macabre, Samson and Delilah (Opera) , Piano Concerto No. 2, Cello Concerto No. 1, Havanaise, Introduction and Rondo Capriccioso, saha Symphony No. 3 (Organ Symphony).[1]

Biografinipun[sunting | sunting sumber]

Yuswa enèm[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns miyos wonten ing Paris, Perancis ing tanggal 9 Oktober 1835.[2] Padamelanipun bapakipun inggih namung dados pegawé pamarèntahan, déné ibunipun inggih séda tigang sasi sasampunipun piyambakipun miyos.[3] Ibunipun ingkang asma Clémence, nyuwun pambiyantunipun bulikipun ingkang asma Charlotte Masson kanggé ngrawat prunanipun, mila piyambakipun lajeng pindhah dhateng dalemipun Saint-Saëns alit. Masson lajeng ingkang sepisanan nepangaken Saint-Saëns kanggé dolanan pinao, lan salajengipun wiwit paring gulawenthah bab caranipun ngginakaken pirantos musik punika.[4] Ing yuswanipun Saint-Saëns ingkang kaping kalih sampun saged ketingal bakatipun menapa malih saking talanipun ingkang sampun sampurna. Asiling garapan komposisinipun ingkang sepisan inggih arupi satunggaling karya alit mawi piano kanthi cathetan tanggal 22 Maret 1939, ingkang sak punia dipunsimpen wonten ing Perpustakaan nasional Perancis utawi Bibliothèque nationale de France.[5] Saint-Saëns ugi boten namung madhep mantep ing bab musik kémawon[5]. Piyambakipun inggih sampun dipungulawenthah bab maos saha nyerat ing yuswa 3 taun, mila nalika yuswanipun 7 taun, piyambakipun inggih sampun saged dipunanggep nguaosi basa Latin[5]. Pagelaran konsèripun ingkang sepisan inggih dipunadani nalika piyambakipun taksih ing yuswa 5 taun, nalika piyambakipun ngampingi satunggaling sonata biola Beethoven[5]. Lajeng piyambakipun inggih nyinaoni kanthi saèstu babagan partitur ingkang jangkep kagunganipun Don Giovanni[5]. Wonten ing taun 1842, Charles-Camille Saint-Saëns wiwit sinau piano kaliyan Camille-Marie Stamaty, satunggaling muridipun Friedrich Kalkbrenner, ingkang siswa-siswanipun dipungladhi kanggé sinau piano kanthi cara bagéyan ngandhap lengenipun dipunpapanaken wonten ing satunggaling bidhang papan ingkang dipunpapanaken ing sak ngajengipun toets saéngga sedaya kekiyatanipun pamain piano kala wau saged ketingal saking asta lan drijinipun sanès saking lengenipun. Wonten ing yuswa 10 taun, Charles-Camille Saint-Saëns paring resital publikipun ingkang sepisan wonten ing Salle Pleyel, kanthi maragakaken karya Konserto Piano no. 15 wonten ing B moll mayor (K. 450), lan maneka warna karyanipun Handel, Kalkbrenner, Hummel, saha Bach. Minangka tambahanipun, Charles-Camille Saint-Saëns nawaraken pribadhinipun kanggé maènaken karya sonata pundi kemawon saking 32 sonata piano Beethoven medal èmutanipun[6]. Pawartos saking konseripun ingkang sanget luar biyasa punika lajeng mratah dhateng sedaya wilayah ing Eropa, lan ugi dumugi Amerika Serikat kanthi satunggaling artikel ing satunggaling koran ing Boston[6].

Piyambakipun lajeng sinau komposisi ing sak ngandhapipun wewarahipun Fromental Halévy ing Conservatoire de Paris[6]. Saint-Saëns ugi saged menang ing kathah bebungah ingkang sanget misuwur lan pikantuk reputasi ingkang njalari piyambakipun lajeng dipuntepangaken dhateng Franz Liszt, ingkang ing tembenipun samangké badhé dados salah satunggaling kanca celakipun Saint-Saëns[6]. Wonten ing yuswa 16 taun, Saint-Saëns nyerat asiling simfoninipun ingkan sepisan, déné karyanipun ingkang kaping kalih inggih dipunwedalaken minangka Simfoni No. 1 wonten ing E-moll mayor, ingkang dipunketingalaken wonten ing pagelaran ing taun 1853 lan saged narik kawigatosanipun kathah kritukus saha kanca komponisipun sanèsipun[6]. Hector Berlioz ingkang ugi minangka kanca celakipun inggih ugi sampun naté ngandaraken ing basa Prancis, Il sait tout, mais il manque d'inexpérience (Ingkang tegesipun inggih punika piyambakipun mangertos kathah seserepan ananging kirang kanggé praktèkipun)[6].

Debut dados Organis[sunting | sunting sumber]

Ing taun 1853, nalika yuswanipun Camille Saint-Saëns taksih wolulas taun, piyambakipun sampun dipundhapuk dados pamain organ wonten ing gréja Saint-Merri, Paris lan ugi sampun damel Symphony nipun ingkang sepisanan.[7]. Saking asilipun garapanipun, piyambakipun saged langsung pikantuk reputasi ingkang saé sanget lan kathah musisi ingkang sampun misuwur kados ta Hector Berlioz lan Franz Liszt ingkang remen kaliyan piyambakipun.[7]

Ing taun 1857, Camille Saint-Saëns saged kasil mratah dados pamain organ ing sapérangan ageng dhaérah Cavaille-Coll ing greja Madeleine[7]. Dene pagelaran organ ingkang dipunmaènaken ugi dipunrawuhi déning para musisi kelas internasional, kalebet Listz ingkang sanget remen dhateng asiling improvisasinipun[7]. Nalika Camille Saint-Saëns ing yuswa kalih dasa taun, piyambakipun inggih taksih sekeca madeg ing tata cara pagesanganipun ingkang kados mekaten[7].

Lajeng sasampunipun mapinten-pinten taun, padamelanipun ingkang dados komposer saged paring kontribusi kanggé edisi énggal dhateng karyanipun Gluck, Mozart, Beethoven, ugi Liszt[8]. Piyambakipun ugi mratah karyanipun dhateng karya Schumann lan Wagner, ingkang sanget misuwur wonten ing Koservatorium Paris[8]. Kathah karyanipun ingakng dipunasilaken ing taun 1858, ingkang dadosaken penerbit Girod saged bayar 500 frank kangge partisi ngirimaken enem duèt kanggé piano lan harmonium, déné turahan artanipun inggih dipundamel kanggé mundhut teleskop[8].

Ing yuswa dhiwasa[sunting | sunting sumber]

Kanggé nyekapi kabetahanipun, Saint-Saëns lajeng asring ngadani manèka warna pagelaran orgel wonten ing kathah greja ing Paris, kanthi tugasipun ingkang sepisanan wonten ing Saint-Merri ing dhaérah Beaubourg[6]. Wonten ing taun 1857, piyambakipun nggantosaken Lefébure-Wely wonten ing posisinipun minangka pamain orgel ing Église de la Madeleine, jabatan punika dipuncepeng piyambakipun dumugi taun 1877. Asiling improvisasinipun saged damel gègèr tiyang kathah ing Paris saéngga njalari Listzt naté ngandharaken wonten ing taun 1866 bilih Saint-Saëns inggih punika pamain orgel paling ageng ing dunya punika.[6]

Saking taun 1861 dumugi taun 1865, Saint-Saëns saged nyepeng padamelan wonten ing bidhang pendhidhikan minangka profesor piano wonten ing École Niedermeyer.[9] Wonten ing mrika, piyambakipun ugi saged damel tiyang gègèr malih nalika piyambakipun ngatutaken musik kontemporer - Liszt, Gounod, Schumann, Berlioz, lan Wagner — sesarengan kaliyan kurikulum ingkang konservatif ing sekolah punika, inggih punika asiling karya-karyanipun Bach lan Mozart.[9] Muridipun ingkang paling kasil dipungulawenthah wonten ing Niedermeyer inggih punika André Messager lan Gabriel Fauré, ingkang ugi minangka murid ingkang paling dipuntresnani déning Saint-Saëns lan boten dangu salajengipun saged dados kanca celakipun.[9]

Saint-Saëns inggih minangka satunggaling intelèktual ingkang sarwa saged. Wiwit taksih enèm, piyambakipun inggih sampun kathah nyianoni èlmu sanèsipun, kados ta geologi, arkeologi, botani, lan lepidopteri. [10] Piyambakipun inggih minangka ugi pakar matematika.[10] Ing wekdal radi kepengker punika, piyambakipun ugi asring damel komposisi, ngawontenaken pagelaran, saha nyerat kritik-kritik musik.[10] Saint-Saëns ugi ngawontenaken pirembagan-pirembagan kaliyan para ilmuwan ingkang paling misuwur ing Eropa saha nyerat artikel-artikel ilmiah ngèngingi bab akustik, èlmu-èlmu okult, dekorasi tèater Roma, lan pirantos musik kuno.[11] Saint-Saëns ugi naté nyerat satunggaling karya filsafat kanthi irah-irahan Problèmes et Mystères, ingkang ngandharaken bab èlmu pengetahuan lan seni ingkang nggantosaken kawontenanipun agama.[11] Pamanggih-pamanggih bab pesimistik lan ateistik Saint-Saëns ngrumiyini kawontenanipun Eksistensialisme.[11] Asiling seratan sastranipun ingkang sanèsipun inggih kalebet satunggaling kempalan pusi utawi geguritan (ing basa Jawa) kanthi irah-irahan Rimes familières lan La Crampe des écrivains, satunggaling sandhiwara farcical play.[11] Piyambakipun ugi dados anggota Pakempalan Asronomi Perancis.[6] Piyambakipun ugi paring kuliah ing mata kuliah fatamorgana, gadhah satunggaling teleskop ingkang dipundamel jumbuh kaliyan panyuwunanipun piyambak, lan ugi sampun damel rencana kanggé nggelar konser-konser ingkang badhé dipunjumbuhaken kaliyan prastawa-prastawa astronomis kados ta gerhana srengéngé.[10]

Ing taun 1870, sanajan ta wonten yuda ing antawisipun Perancis lan Rusia ingkang kadadosan boten ngantos enem sasi, tetep boten nglirwakaken jejakipun sang komponis, Saint-Saëns[12]. Piyambakipun dipunbébasaken saking tugas tempur minangka salah salah satunggaling sedherekipun Kaisar Napoleon III ingkang paling dipuntresnani, ananging piyambakipun lajeng késah dhateng London kanggé ngungsi ing wekdal mapinten-pinten sasi nalika Paris Commune jebol wonten ing Paris ingkang dipunkupengi mungsuh nalika musim asrep ing taun 1871[12]. Amargi piyambakipun misuwur saha statusipun inggil ing masarakat, mila njalari kaslametanipun radi gèsèh[12]. Ing taun ingkang sami, piyambakipun ugi ndhèrèk sesarengan mbangun Romain Bussine Société Nationale de Musique kanggé mromosikaken musikipun ingkang énggal lan ngemu khasipun tanah Perancis[12]. Sasampunipun Paris Commune saged dipunkasoraken, pakempalan punika lajeng ngawontenaken pagelaran karya-karyanipun para anggotanipun kados ta Fauré, César Franck, Édouard Lalo, lan Saint-Saëns piyambak ingkang njabat minangka salah satunggaling prèsidhen pakempalan punika[12]. Kanthi cara kados punika, Saint-Saëns saged dados tokoh ingkang paring pangaribawa wujudipun musik Perancis ing wekdal tembenipun[12].

Ing taun 1875, Saint-Saëns kawin kaliyan Marie-Laure Truffot lan kekalihipun pinaringan kalih putra, inggih punika André lan Jean-François, ingkang séda wonten ing jarak enem minggu ing antawisipun taun 1878[12]. Saint-Saëns lajeng ninggalaken garwanipun tigang taun salajengipun[12]. Piyambakipun boten naté megat garwanipun, ananging gesang piyambak-piyambak ing turahan wekdal salaminipun gesang kekalihipun[12]. Saking taun 1877 dumugi taun 1889, Saint-Saëns dumunung netep wonten ing rue Monsieur-le-Prince nomer 14, lan griya apartemenipun inggih dipunparingi tandha dening satunggaling plang.[7]

Wekdal Pungkasaning Gesang[sunting | sunting sumber]

Camille Saint-Saëns, 1915

Ing taun 1866, Saint-Saëns mrodhuksi kalih komposisi lagu ingkang paling énggal inggih punika ingkang kanthi irah-irahan: The Carnival of the Animals lan Symphony No. 3, ingkang dipuntujokaken dhateng Franz Liszt, ingkang séda ing taun punika. Wonten ing taun ingkang sami, Vincent d'Indy lan para sekutu-sekutunipun sampun mbusek nama Saint-Saëns saking Société Nationale de Musique[13]. Kalih taun salajengipun, ibunipun Saint-Saëns tilar dunya, ingkang lajeng dadosaken komposer punika sedhih sanget lan lajeng sumingkir saking Perancis dhateng Canary Islands wonten ing sak ngandhaping aliansi Sannois[13]. Lajeng mapinten-pinten taun salajengipun, piyambakipun késah tebih kliling dunya, piknik dhateng papan-papan wisata ingkang éndah-éndah wonten ing Eropa, Afrika Utara, Asia Tenggara, lan Amerika Selatan[13]. Saint-Saëns nyathet lan nyerat sedaya lampahing wisatanipun wonten ing buku-buku ingkang populèr kagunganipun ingkang ngginakaken nama nom de plume, Sannois[13]. Saking seratan bukunipun punika, mila saged dipunpendhet dudutan bilih komposer ugi asring nyerang puisi lan ugi medalaken asiling karyanipun wonten ing satunggaling koleksinipun kanthi irah-irahan Rimes Familieres ing taun 1890. Dene pusi ingkang paling saé dipundamel déning Saint-Saëns inggih kanthi irah-irahan La Libellule [The Dragonfly][13].

Wonten ing taun 1875, Saint-Saëns palakrama kaliyan Marie-Laure Truffot lan kagungan kalih putra, André lan Jean-François, ingkang tilar donya kanthi wekdal enem minggu ing antawisipun taun 1878[13]. Saint-Saëns nilaraken garwanipun tigang taun candhakipun. Kekalihipun boten naté ceré, ananging anggénipun gesang kapisah dumugi sisa gesangipun[13].

Wonten ing taun 1908, piyambakipun gadhah satunggaling perkawis ingkang bédakaken piyambakipun kaliyan komposer sanèsipun ingkang lajeng saged damel piyambakipun langkung misuwur minangka komposer ingkang sepisanan misuwur kanggé nyerat skor musik wonten ing satunggaling film, kanthi irah-irahan The Assassination of the Duke of Guise (L'assassinat du duc de Guise), ingkang dados sutradara inggih punika Charles Le Bargy lan André Calmettes, ingkang dipunserep lan dipungubah déning Henri Lavedan, ingkang nampilaken aktor saking Française Comédie[14]. Déné musikipun ingkang dipungarap inggih kanthi wekdal 18 menit ingkang punika garapan musik ingkang sampun kaanggep dangu anggènipun dipunpentasaken wonten ing setunggal dinten[14].

Ing taun 1915, Saint-Saëns nerasaken lampahipun kanggé kliling dunya dhateng San Francisco lan dados tamu wonten ing satunggaling konser kanthi sebatan San Francisco Symphony Orchestra ing sadangunipun Panama-Pacific International Exposition, ingkang punika salah satunggaling tokoh ingkang minangka tokoh ingkang maén kalih dunya ngrayakaken Kanal Panama ingkang nembé kemawon rampung dipunbangun[14]. Saint-Saëns nerasaken kanggé nyerat lagon, seratan bab èlmu pengetahuan lan sujarah, asiling piknik piyambakipun sadèrèngipun piyambakipun netep dumunung ing Algiers ing taun kaping pungkasan[14]. Saint-Saëns lajeng damel lagon kanthi irah-irahan a Chevalier de la Legion d'honneur ing taun 1868 lan kados saben warsanipun, piyambakipun ing taun [[[1913]] saged pikantuk bebungah paling inggil ingkang wonten ing Perancis, inggih punika bebungah the Grand-Croix de la Legion d'honneur[15]. Satunggaling margi wonten ing Paris lan ing Marseilles inggih dipundamel minangka tandha pakurmatan dhateng piyambakipun[15]. Saint-Saëns séda amargi kènging sakit pneumonia ing tanggal 16 Desember 192 wonten ing Hôtel de l'Oasis ing Algiers[16]. Jasad layonipun lajeng dipunkonduraken dhateng Paris, lajeng anggenipun nyarèkaken mawi upacara kanegaran minangka tandha pakurmatan dhateng piyambakipunn ing La Madeleine lan dipunsarekaken ing Cimetière du Montparnasse, Paris[15].

Sesambungan kaliyan Komposer Sanèsipun[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns inggih dados kanca saénipun lan ugi tarkadhang dados mengsahipun sapérangan musisi ingkang paling misuwur ing Èropa[17]. Piyambakipun inggih caket sanget anggènipun ngrajut sesambungan kaliyan Franz Liszt lan saged ngrajut tali kekancan ingkang cepet sanget kaliyan muridipun, Gabriel Fauré, ingkang lajeng badhe nggantosaken piyambakipun minangka organis lan pamain biduan nalika piyambakipun sampun pènsiun samangké[17]. Kejawi saking punika, piyambakipun inggih dados guru lan kanca kanggé Isidor Philipp, ingkang mandhegani departemèn piano ing Konservatorium Paris ing sapérangan dekade lan piyambakipun inggih minangka satunggaling komponis saha editor musik kathah komposer sanèsipun[17]. Ananging, sanajan ta wonten advokasi ingkang kiyat saking musik ing Perancis, Saint-Saëns inggih kanthi blaka suta dipunsengiti kathah kanca komposer sanesipun ing Perancis kados ta Franck lan d'Indy, wondéné piyambakipun inggih paring aleman kanggé musik ingkang saé sanget ingkang dipundamel déning Jules Massenet wonten ing bukunipun Musical Memories ingkang dipunwedalaken ing taun 1919[17]. Piyambakipun inggih ugi ngandharaken ing bagéyan kasebut bilih piyambakipun inggih boten wonten ginanipun kanggé Massenet pribadi. Saint-Saëns ugi sengit sanget dhateng musikipun Claude Debussy, piyambakipun dipunlapuraken bilih sampun ngendika dhatng Pierre Lalo, satunggaling kritikus musik ingkang minangka putranipun saking komposer Édouard Lalo, bilih piyambakipun sampun dumunung ing Paris kanggé ngendika bab ingkang ala ngèngingi Pelléas et Mélisande. Piyambakipun inggih dados musuh pribadhi dhateng Pelléas et Mélisande sami kaliyan Debussy ingkang ugi sampun naté paring andharan bilih piyambakipun inggih gadhah raos sentimen lan boten saged nglirwakaken ingkang namanipun Saint-Saëns[17]. Ananging, ing wekdal sanèsipun, Debussy ugi ngandharaken raos bombong kangge bakat musik ingkang dipungadhahi déning Saint-Saëns[17]. Saint-Saëns sampun naté dados jawara sepisanan wonten ing lomba musik ingkang dipunadani déning Richard Wagner ing Perancis, lan piyambakipun ugi mucal karya punika ing sadangunipun wekdal jabatanipun wonten ing École Niedermeyer lan ugi dados perdana mentri wonten ing Tannhäuser[18]. Piyambakipun sanget saé nalika maènaken musikipun ngantos saged damel Wagner langsung katarik dhateng piyambakipun nalika ningali lan maos sedaya skor orkestra saking Lohengrin, Tristan und Isolde, lan Siegfried, lajeng paring surungan dhateng Hans von Bülow supados sinau dhateng Saint-Saëns minangka satunggaling pamanggih bab musik ingkang paling ageng wonten ing jaman kasebut[18]. Ananging, sanajan ta piyambakipun sanget paring apresiasi dhateng karyanipun Wegner, Saint-Saëns ugi ngandharaken bilih piyambakipun inggih dédé tiyang aficionado[18]. Ing taun 1886, Saint-Saëns dipunkukum amargi sapérangan andharanipun ingkang atos lan anti dhateng negara Jerman kanggé mrodhuksi Paris Loherngrin kanthi cara piyambakipun kecalan sedaya kontrak lan pikantuk cap ingkang kirang saé ing sedaya bagéyan negara Jerman[19]. Salajengipun, sasampunipun Perang Dunya I, Saint-Saëns duka dhateng negara Perancis lan Jerman kanthi nyerat satunggaling artikel kanthi irah-irahan Germanophilie, ingkang kanthi cetha wela-wela paring serangan dhateng Wagner.[19]

Saint-Saëns ugi sampun natè nyunting satunggaling karya kagunganipun Jean-Philippe Rameau kanthi irah-irahan, Pièces de clavecin, lan lajeng mbiwarakaken karyanipun dhateng masarakat umum ing taun 1985 wonten ing Durand, Paris (ingkang sampun dipuncithak ulang dèning Dover ing taun 1993)[19].

Ing wekdal sanèsipun, ugi sampun naté wonten ingkang ngandharaken bilih Saint-Saëns sampun asring medal tanpa kinira saking pagelaran ingkang dipunadani dèning Igor Stravinsky kanthi irah-irahan The Rite of Spring]] ing tanggal 29 Mei 1913, ingkang seratanipun inggih ngandharaken raos dukanipun dhateng sinten tiyang ingkang dipunanggep dados dados ingkang maèn wingking kangge proyek basson ing bar pambuka balet kasebut.[20] Ananging ing kasunyatanipun, piyambakipun boten naté mahargyakaken karyanipun ing pagelaran punika, ananging piyambakipun inggih lajeng medal saking karya konsèripun ingkang sepisan saking konseripun ingkang sepisan saking cacahipun biji ingkang sampun dipuntemtokaken déning Pierre Monteux ing sasi April taun 1914, Saint-Saëns paring pamanggihipun bilih Stravinsky punika édan, kirang jangkep utekipun.[21]

Reputasinipun[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns miwiti karir musikipun minangka ingkang dados pelopor musik, ingkang nepangaken simponi puisi wonten ing Perancis lan ugi kanggi kupiya ingkang awrat ngupiya karya ingkang radikal kagunganipun Franz Liszt lan Richard Wagner nalika Johann Sebastian Bach lan Wolfgang Amadeus Mozart inggih punika norma[22]. Ing purwakaning abad kalih dasa, Saint-Saens inggih dados salah satunggaling tiyang ingkang ultra konservatif, nglawan pangaribawanipun Claude Debussy lan Richard Strauss ingkang ing wekdal tartamtu kanggé ngiyataken reputasinipun Meyerbeer lan Berlioz[22]. Punika inggih dados satunggaling swasana ingkang saged damel manah kraos ser-seran ing wiwitan kariripun Saint-Saëns nalika Chopin lan Mendelssohn wonten ing kahanan ingkang langkung wigati, lan dipunpungkasi nalika dipunwiwiti genre jazz; ananging citranipun saged ajeg ngantos mapinten-pinten taun sasampunipun piyambakipun séda[22].

Camille Saint-Saëns kaliyan pianonipun ing taun 1916.

Minangka satunggaling komposer, Saint-Saëns asring dipunkritik amargi piyambakipun boten purun kanggé ngrambah dunya romantisme lan ing wekdal ingkang sami radi asipat paradoks, amargi wontenipun raos manut dhateng aturan ngèngingi basa musik ingkang wonten ing abad kaping sangalas[22]. Saint-Saëns inggih dipunkenang mliginipun kanggé karya-karyanipun kados ta The Carnival of the Animals (ingkang dipunbiwarakaken ing masarakat umum kanthi jangkep ngantos dumugi piyambakipun séda, dipunlapuraken amargi Saint-Saëns ajrih badhé paring pangaribawa ngèngingi bab reputasinipun minangka satunggaling komposer ingkang tumemen), lajeng karyanipun ingkang kanthi irah-irahan Introduction and Rondo Capriccioso kangge violin lan orkestranipun, lan opera Samson and Delilah lan ugi Henry VIII (ingkang namung sepisanan dipunlampahan ing dinten punika), puisi simponi kanthi irah-irahan Danse Macabre, Symphony No. 3; ingkang kaping kalih, piano concerto ingkang kaping sekawan lan lan kaping gangsal, biola concerto ingkang kaping tiga, celo concerto ingkang kaping sepisan, ingkang kaping sepisan sonata biola lan klarinet sonata[22]. Ing pagelaranipun, Saint-Saëns inggih dipunandharaken déning tiyang sanès bilih piyambakipun inggih boten wonten tandhinganipun kanggé maènaken organ, lan namung sekedhik tiyang ingkang saged nyamèkaken prèstasinipun kaliyan piyambakipun[23]. Ananging, ingkang prelu kauningani, bilih gayanipun Saint-Saëns wonten ing pagelaran panggung inggih punika saged dipunkendhalikaken, alus, lan asrep, déné piyambakipun inggih tansah tetep ajeg tanpa éwahing badan sanès kejawi namung madhep mantep ing sangajenging pianonipun[24]. Anggènipun dolanan piano dipuntandhani kanthi saé sanget kanthi sisik lan greget ingkang saé, kanthi driji-driji ingkang cepet sanget nalika dipunginakaken kanggé mejet tun-tun piano, lan ugi kanggé dandosi aristokrat[25]. Ing rekaman wekdal radi pungkasan gesangipun inggih dipungambaraken kanthi saklécapan ngèngingi sipat-sipat piyambakipun punika[26].

Ana Pavlova menari angsa.

Saint-Saëns inggih minangka pianis ing wekdal miyosipun ingkang enèm ingkang sampun naté damel rekaman[27]. Ananging, piyambakipun inggih sanès minangka pianis ing jaman purwaka ingkang enèm ingkang nglirwakaken cathetan-cathetan wonten ing wujud piyambakipun dolanaken pianonipun, kados ta Carl Reinecke ingkang miyos ing taun 1824 (sewelas taun sadèrèngipun Saint-Saëns miyos, lan nalika Ludwig van Beethoven taksih gesang), damel roll Welte-Mignon ing taun 1904, nalika piyambakipun ing yuswa 80 taun[27]. Saint-Saëns inggih ugi minangka pianis sepisanan ingkang damel rekaman, satunggaling susunan Liebestod saking Tristan und Isolde kagunganipun Richard Wagner ingkang dipundamel dening Landon Ronald ing taun 1900 wonten ing disk Berliner pitung inci.[27]

Sarah Bernhardt, quien bailó Andrómaca (ing taun 1891, dadaos Cléopatra).

Piyambakipun inggih asring dipuntudhuh dados pribadhi ingkang gampil mindhak émosinipun lan gadhah praupan ingkang kados kirang nengsemaken tinimbang pamain sanèsipun ingkang langkung karismatik[28]. Piyambakipun inggih mbok bilih minangka pianis ingkang sepisanan kanthi dipuntingali tiyang kathah saged nindakaken sedaya siklus piano concerto kagunganipun Wolfgang Amadeus Mozart. Ing sapérangan kasus ingkang wonten inggih kènging pangaribawa saking konserto piano kagunganipun piyambak, kados ta éwah-éwahing badan ingkang sepisanan saking Piano Concerto 4 di C minor mèh sami sanget kaliyan éwah-éwahaning awak saking Mozart ing 24th Concerto, ingkang wonten ing kunci ing sami[29]. Menawi sampun dumugi ing titi wancinipun, concerto piyambak ugi ketingalanipun sampun paring pangaribawa dhateng tiyang-tiyang sanèsipun kados ta Segei Rachmaninoff lan komposer romantis sanèsipun[28]. Ing sadangunipun wekdal pagesanganipun, Saint-Saëns inggih tetep ajeg kangge dolanan piano kanthi teknik ingkang dipunwulangaken dhateng piyambakipun déning Stamaty, ingkang ngginakaken kakiyatan saking astanipun, sanès saking sukunipun[28]. Claudio Arrau inggih boten naté kesupèn tata cara Saint-Saëns ingkang gampil kanggé saged maènaken pianonipun (Piyambakipun inggih nyuplik saking Chopin Scherzo kaping sekawan minangka tuladhanipun)[28].

Musik[sunting | sunting sumber]

Gayanipun[sunting | sunting sumber]

Camille Saint-Saëns

"Punapa ingkang dipunparingaken déning Sebastian Bach lan Mozart inggih punika satungaling bagéyan ingkang punika bilih kalih komposer ingkang ngripta inggih komposer ageng ingkang ekspresif ingkang boten naté ngurbanaken wujud èksprèsinipun. Sak dhuwur-dhuwuripun kekalihipun ngedalaken èksprèsinipun, ananging wujud musik ingkang dipunwedalaken déning kekalihipun inggih tetep saged inggil lan saged nyekapi sedayanipun."Kapethik saking satunggaling serat kagunganipun Camille Saint-Saëns ingkang dipuntujokaken dhateng Camille Bellaigue, 1907 .

Concerto Saint-Saëns lan kathah karya musik kamaripun saé niku minangka wujud teknis ingkang boten gampil lan ugi transparan, mbetahaken kaprigelan virtuso[30]. Lajeng pethikan musik kamar, kados ta biola ingkang kaping kalih saking sonata, sonata céllo ingkang kaping kalih, lan ugi trio pinao kalih, kirang saged dipunundhuh déning para pamiyarsa saking pethikan sadèrèngipun ingkang asalipun saking wujud ingkang sami[30]. Sedaya karyanipun kala wau dipunsusun lan dipuntindakaken nalika Saint-Saëns sampun nylinep medal saking tingkat misuwuripun lan minangka akibatipun inggih sedaya karyanipun kala wau kirang dipunmangertosi déning tiyang kathah[31]. Sedayanipun nedahaken bilih piyambakipun langkung samekta kanggé tumindak cobi-cobi kanthi basa musik ingkang langkung wonten indhak-indhakipun lan nglirwakaken cakepan saha daya tarik kanggé paring èksprèsi ingkang langkung lebet malih[30].

Musik piano, sanajan ta boten patos lebet kados tantanganipun ingkang mratah para seniman ing jamanipun, ingkang mapan wonten ing satunggaling gaya ing wilayahipun lagon riptanipun Liszt lan Maurice Ravel[32]. Ing wekdal ingkang lantip sanget, radi transparan lan kathah idiom, musik kanggé kalih piano kalebet variasinipun kanthi téma kagunganipun Beethoven, inggih punika Scherzo, inggih punika satunggaling palindromik ingkang ngginakaken padu padhon tonalitis ingkang modhèrn lan gerakan konvensional, lan ugi Caprice arabe, satunggaling fantasi kanthi wirama inventif ingkang dipunginakaken kanggé mbayar satunggaling pakurmatan dhateng musik ing Afrika Utara[32]. Sanajan ta, Saint-Saëns dipunanggep kina ing dinten salajengipun, piyambakipun lajeng mratah manéka warna jinis ingkang énggal lan saged langkung bangkit malih saperangan dhateng ingkang langkung sepuh. Asiling komposisinipun inggih pikantuk inspirasi déning klasism saking Perancis, ingkang nyebabaken piyambakipun minangka tiyang pelopor ingkang wigati saking neoklasisme saking Ravel lan sapanunggalanipun[32].

Saint-Saëns rodha tiga (dipunwedalaken wonten ing jurnal Música, taun 1907).

Padamelan musikipun[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns miwiti gesangipun ingkang dangu kanthi ngginakaken wekdalipun kanggé nyerat atusan asiling komposisinipun[33]. Ing sadangunipun padamelanipun dados seniman musik, piyambakipun ugi sampun kathah nyerat karya ingkang dramatis, kalebet sekawan simponi puisinipun, tiga welas opera kalebet opera Sampson lan opera Delilah lan puisi simponi Danse macabre inggih salah satunggaling asiling karyanipun ingkang misuwur[33]. Ing total cacahipun karyanipun ingkang sampun dipunasilaken, piyambakipun inggih sampun nyerat langkung saking 300 karya lan piyambakipun ugi minangka komposer ageng ingkang sepisanan nyerat musik khusus kanggé pagelaran ing bioskop, kalebet musik kanggé folm Henri Lavedan ingkang irah-irhanipun The Assassination of the Duke of Guise[33]

Saint-Saëns ugi nyerat gangsal simponi, sanajan ta ingkang dipunparingi momer inggih namung tigang karyanipun kémawon[33]. Saint-Saëns ugi paring sumbangan ing wujud seratan kanggé literatur ing Prancis, kanthi piyambakipun nyerat gangsal konserto piano, tigang konserto biola, kalih konserto cello, lan udakawis kalih dasa konserto karyanipun ingkang langkung alit kanggé solois lan orkestra[33].

Opera Hélène ugi dipunsusun déning Saint-Saëns kanggé soprano ageng ing [[Australia, inggih punika kanthi irah-irahan Dame lan Nellie Melba ing taun 1904[34]. Opera punika mlebet ing panggung sasampunipun wonten premier ing Monaco, lan punika dipuntindakaken ing kitha asalipun soprano kasebut inggih punika ing Melbroune ing salebeting sasi Januari 2008[34].

Garis Kulawarga[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns dipunanggep déning sapérangan tiyang inggih gadhah garis kulawarga rasial Yahudi, kados ta kaliyan Tchaikovsky[35]. Sanajan ta sejatosipun bapakipun inggh namung keturunan saking kulawarga petani ing Normandia[36]. Ananging, panci boten wonten bukti menawi Saint-Saëns inggih gadhah garis kulawarga saking tiyang Yahudi, amargi miturut Nazi Jerman, musikipun piyambakipun inggih boten dipunkebarengaken kanggé dipunsebaraken ing negara punika[37].

Sanèsipun[sunting | sunting sumber]

Saint-Saëns ugi dipunanggep minangka tiyang ingkang homoseksual déning sapérangan tiyang[38][39][40]. Ananging, Saint-Saëns piyambak kanthi tumemen mbantah anggepan ingkang kados punika[41].

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Huebner, Steven (2006). French Opera at the Fin de Siecle: Camille Saint-Saëns. Oxford Univ. Press, US. pp. 195–230. ISBN 978-0-19-518954-4. http://books.google.com/books?id=KSQGZOTQKmwC&pg=PA195&dq=%22Camille+Saint-Saens,+Gounod,+and%22.
  2. ^ Rees, Brian (1999). Camille Saint-Saëns: A life. Chatto & Windus, London. ISBN 1-85619-773-5.
  3. ^ Stegemann, Michael, Camille Saint-Saëns and the French Solo Concerto from 1850 to 1920. Portland OR: Amadeus Press, 1991. ISBN 0-931340-35-7
  4. ^ Studd, Stephen (1999). Saint-Saëns: A Critical Biography. Cygnus Arts, London. ISBN 1-900541-65-3.
  5. ^ a b c d e Piano Rolls (The Reproducing Piano Roll Foundation)
  6. ^ a b c d e f g h i Henderson, AM Memories of Some Distinguished French Organists: Saint-Saëns, The Musical Times, Vol. 78, No. 1132 (Jun., 1937), 534-536.
  7. ^ a b c d e f Pendant toute la durée du Festival de Cannes, on entend le même extrait musical avant la diffusion de chaque film dans la salle du Palais des Festivals : il s'agit d'Aquarium, l'une des pièces musicales de la suite Le Carnaval des animaux
  8. ^ a b c Camille Saint-Saëns (1835-1921), Musicologie.org
  9. ^ a b c Schonberg, Harold C. (1997). The Lives of the Great Composers. W. W. Norton & Company. ISBN 0-393-03857-2.
  10. ^ a b c d Huebner, Steven (2006). French Opera at the Fin de Siecle: Camille Saint-Saëns. Oxford Univ. Press, US. pp. 195-230. ISBN 9780195189544.
  11. ^ a b c d Michael Stegemann: Camille Saint-Saëns and the French Solo Concerto from 1850 to 1920. Portland OR: Amadeus Press, 1991. ISBN 0-931340-35-7
  12. ^ a b c d e f g h i Saint-Saëns, Camille dening Hugh Macdonald, wonten ing 'The New Grove Dictionary of Opera', ed. Stanley Sadie (London, 1992) ISBN 0-333-73432-7
  13. ^ a b c d e f g Robert F. Aldrich, Colonialism and homosexuality, 2003. Aldrich est un historien spécialiste de l'histoire coloniale française.
  14. ^ a b c d William C. Carter, Proust in love
  15. ^ a b c William Howard Adams, En souvenir de Proust, La Biliothèque des arts, Paris, 1985, p. 43, traduit de l'anglais par Milena Hrdina
  16. ^ Le Théâtre, n° 9 de septembre 1898, article d'Adolphe Aderer pp. 2-6 ; Archives Municipales de Béziers, 2 R 7 : Livret officiel. Déjanire au Théâtre des Arènes : Ressources iconographique sur Gallica.
  17. ^ a b c d e f Acquise en 1921 par le Château-musée de Dieppe, n°inv:997.13.1
  18. ^ a b c Le registre d'état civil du onzième arrondissement ancien de Paris a été détruit dans les incendies de la Commune de Paris (1871) mais on peut trouver une copie de l'acte de naissance de Camille Saint-Saëns dans son dossier de Légion d'honneur et accessible en ligne : http://www.culture.gouv.fr/LH/LH259/PG/FRDAFAN83_OL2442036V005.htm
  19. ^ a b c "SAINT-SAENS DENIES BEING GERMANOPHILE; Constantly Warned France Against German Musical Propaganda, Says Famous French Composer", The New York Times, 4 March 1917. 
  20. ^ "The Rite of Spring". Kennedy Center. http://www.kennedy-center.org/calendar/?fuseaction=composition&composition_id=2841. Retrieved 12 April 2013.
  21. ^ Canarina, p. 47
  22. ^ a b c d e Le Temps, 6 septembre 1904, p. 4 : article de Pierre Lalo "La Musique, Aux Arènes de Béziers, première représentation d'Armide" Cithakan:Gallica
  23. ^ Carta de Saint-Saëns del 24 de junio de 1908, año de la muerte de Sarasate.
  24. ^ Castelbon de Beauxhostes (1859-1934), compositor amateur y fundador de la Lyre Biterroise, una banda de vientos de Béziers que tocaba en el festival.
  25. ^ Felia Litvinne también participó en el estreno de Enrique VIII, como Catalina de Aragón, aunque no quedó muy satisfecha con su papel, que consideraba muy pasivo. Véase Ma vie et mon art (Mi vida y mi arte). Felia Litvinne. 1933, Librairie Plon (reimpreso Arno Press, 1977).
  26. ^ Con libreto de Jean Lorrain y Ferdinand Hérold. Fue un éxito clamoroso. Fauré, en una carta a su esposa, le dice que Saint-Saëns se alegró por "su éxito más que si hubiera sido suyo" (carta de 21 de agosto de 1900). Saint-Saëns también logró que Castelbon le encargase a Fauré, más adelante, Masques et Bergamasques, op. 112, un divertimento de canto y danza. Véase The Correspondence of Camille Saint-Saëns and Gabriel Fauré: Sixty Years of Friendship (La correspondencia de Camille Saint-Saëns y Gabriel Fauré: Sesenta años de amistad), de Jonathan Barrie Jones, Camille Saint-Saëns, Jean Michel Nectoux y Gabriel Fauré.
  27. ^ a b c Harold C. Schonberg, The Great Pianists, p. 264
  28. ^ a b c d Jane Dieulafouy, 1851-1916.
  29. ^ Fue enterrada en el Cementerio de Montparnasse, en la misma tumba en la que estaban sus dos hijos. Albert Legrand, 1935, op. cit.
  30. ^ a b c Theodor Ratzenberger (Großbreitenbach, 14 de abril de 1840-1879) fue un pianista, director y compositor alemán.
  31. ^ Director de la Opéra-Comique, en esa época.
  32. ^ a b c Saint-Saëns le dedicó un capítulo en sus Memorias. Fue libretista suyo en Etienne Marcel (1877-1878), Proserpine (1886-1887); Ascanio (1887-1888); Frédégonde (1894-1895) y Déjanire (1898). También participó en la finalización de Maître Pierre, de Gounod, en 1877.
  33. ^ a b c d e Donald, Richard (1999).Complete Guide to Film Scoring, Berklee Press, Boston. ISBN 0-634-00636-3, p. 17
  34. ^ a b Long lost opera premieres in Melbourne – ABC News (Australian Broadcasting Corporation)
  35. ^ Modest Tchaikovsky (2004). The Life and Letters of Peter Ilich Tchaikovsky (illustrated ed.). The Minerva Group, Inc.. p. 176. ISBN 1-4102-1612-8, 9781410216120.
  36. ^ Oxford Music Online, Saint-Saëns, (Charles) Camille (accessed 28.1.2012)
  37. ^ Michael H. Kater (22 April 1999). The Twisted Muse: Musicians and Their Music in the Third Reich. Oxford University Press. pp. 85. ISBN 978-0-19-513242-7. http://books.google.com/books?id=GC0LGe3uzK0C&pg=PA85. Retrieved 24 April 2013.
  38. ^ Timothy Flynn (2003), Camille Saint-Saëns: a guide to research, Routledge, ISBN 0815336195, 9780815336198, http://books.google.com/books?id=npxIWeYQgGIC
  39. ^ Brian Rees (1999), Camille Saint-Saëns: a life (illustrated ed.), Chatto & Windus, ISBN 1856197735, 9781856197731, http://books.google.es/books?hl=es&id=enoZAQAAIAAJ&q=homosexual#search_anchor
  40. ^ George E. Haggerty [1] (2000), Gay histories and cultures: an encyclopedia, 2 (illustrated ed.), Taylor & Francis, ISBN 0815318804, 9780815318804, http://books.google.com/books?id=406CCTn4AAQC Inside Volumen 2 de Encyclopedia of lesbian and gay histories and cultures, Bonnie Zimmerman, ISBN 0815333544, 9780815333548
  41. ^ Keith Stern (1 September 2009). Queers in History: The Comprehensive Encyclopedia of Historical Gays, Lesbians and Bisexuals. BenBella Books. pp. 404. ISBN 978-1-935251-83-5. http://books.google.com/books?id=TF0Y4uACdMkC&pg=PA404. Retrieved 31 January 2013.