Cameron Diaz
| Cameron Diaz | ||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
| Asma wiyosan | Cameron Michelle Diaz | |||||
| Miyos | 30 Agustus 1972 (umur 40) San Diego, California, AS |
|||||
| Pakaryan | modhèl fashion (1988-1993) aktris (1993-sapuniki) |
|||||
|
||||||
Cameron Diaz utawi kanthi nama jangkep Cameron Michelle Diaz (lair 30 Agustus 1972; umur 40 taun) ing San Diego, California, Amérika Sarékat inggih menika salah satunggalipun artis saking Amérika Sarékat.[1][2] Panejenganipun menika putra kaping kalih saking tiga sadhèrèk kanthi kakang ingkang asmanipun Chimene Diaz lan rayi Michael Diaz.[1] Cameron dados kawentar nalika dados paraga ing film The Mask, There's Something About Mary, My Best Friend's Wedding, Charlie's Angels, Shrek, lan Gangs of New York.[1]
Gayutan kaliyan sajarah pagesanganipun, Cameron Diaz menika sadèrèngipun naté nggadhahi sesambetan mirunggan kaliyan prodhuser film Carlos De La Torre, aktor Matt Dillon, Jared Leto, lan musisi métal personil NSYNC Justin Timberlake ngantos kalih taun dangunipun.[1] Ananging sesambetan mirunggan kaliyan Timberlake ingkang kathah pikantuk sorotan saking médhia boten saged langgeng lan pedhot amargi bénten yuswa.[1]
Karièr [sunting]
Cameron Diaz miwiti karièripun ing panggung modhèl nalika nembé yuswa 16 taun, sasampunipun lulus SMA.[1] Nalika semanten panejenenganipun dipunkonntrak déning agèn modhèlling ingkang naminipun Elite Model Management.[1] Boten sawetawis dangu, panjenenganipun lajeng nyambut damel minangka modhèl prodhuk misuwur kados Calvin Klein lan Levi's. Nalika yuswa 17 taun panjenenganipun dados samak ngajeng kalawarti Seventeen édhisi wulan Juli 1990.[1] Karièripun ing jagad akting dipunwiwiti taun 1994. Nalika semanten, Cameron miwiti karièr ing jagad menika kanthi dados paraga Tina Carlyle ing film The Mask.[1]