Camelidae
| Camelidae Temporal range: 45–0 Ma Tengah Eocene-Saiki |
|
|---|---|
| Sawijining Onta Baktrian mlaku ing salju | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mamalia |
| ordo: | Artiodactyla |
| Suborder: | Tylopoda |
| kulawarga: | Camelidae Gray, 1821 |
| Genus | |
| Peta donya sing nuduhaké distribusi camelidae, sadurungé tetepungan modhèren Australia lan ing papan liya. Garis ireng nuduhaké mungelé rute migrasi. | |
Camelidae kéwan mawa driji kuku genep, diklasifikasikaké jroning ordo Artiodactyla. Onta iku spesies misuwur saka famili iki. Anggota famili Camelidae liyané yaiku llama, alpaca, vicuna, lan guanaco. Anggota Artiodactyla liyané yaiku babi, kuda nil, lan ruminansia.
Karakteristik [sunting]
Camelidae iku kéwan gedhé kanthi wangun gulu sing khas lan sikil sing dawa.Lan kéwan-kéwan iki herbivora. Camelidae dibédakaké karo ruminansia amarga sapérangan bab. Untuné nuduhaké sisa untu seri ing rahang ndhuwur, lan untu seri katelu tuwuh dadi mèmper gadhing. Camelidae uga duwé siung, lan untu graham ngarep sing mèmper gadhing sing kapisah karo untu graham mburi déning sawijining let. Struktur otot sikilé uga béda karo kéwan liyané, sikilé dadi siji karo awak liwat pupu bagéyan ndhuwur, béda karo kéwan liya sing wis dadi siji ing bagéyan dhengkul liwat otot lan kulit. Saéngga kanggo lèrèn, kéwan iki kudu sedheku. Kéwan iki duwé telung ruang ing saluran pancernan, béda karo ruminansia sing ana papat. Lan béda liyané yaiku wangun sel getihé sing wangun elips. Kéwan iki duwé antibodi sing unik sing duwé sithik pacawangan saéngga ukurané adoh luwih cilik tinimbang kéwan liyané.
Kéwan iki ora duwé cakar, nanging mung kuku gedhé cacahé loro lan tlapak sikil sing empuk. Camelidae Amérika Kidul mupangataké kuku gedhé iku kanggo adaptasi ing kahanan lingkungan sing njuleg lan akèh watuné, ningkataké gripé jroning mendaki.
Klasifikasi [sunting]
- Ordo Artiodactyla
- Subordo Suina
- Subordo Ruminantia
- Subordo Tylopoda
- †Famili Xiphodontidae
- †Famili Protoceratidae
- †Famili Oromerycidae
- †Famili Merycoidodontidae
- Famili Camelidae
- †Subfamili Poebrodontinae
- †Subfamili Poebrotheriinae
- †Subfamili Miolabinae
- †Subfamili Stenomylinae
- †Subfamili Floridatragulinae
- Subfamili Camelinae
- Genus Lama
- Genus Vicugna
- Genus: Camelus
- Dromedary, Camelus dromedarius
- Bactrian, Camelus bactrianus
- †Syrian Camel
- †Camelus gigas
- †Camelus hesternus
- †Camelus sivalensis