Byeongpung
Byeongpung (병풍) yaiku jinis hiasan ruwangan kang ana sekat-sekat lempitan dekoratif kang bisa digunakake kanggo nutupi utawa ngrias kamar yen dijarengake.[1] Jinis kerajinan iki wis digawe kawit jaman kerajaan Silla lan dadi barang kang didol ing negera Jepang bebarengan karo emas, perak lan kain sutra.[1] Byeongpung duweni saben-saben panel kang ambane 35-45 cm lan dhuwure 160-180 cm.[1] Saben panel utawa papan dilapisi kertas kang bisa didekorasi karo media kertas, kain sutra utawa kain rami.[1] Karya kang dilukis ing byeongpung yaiku kaligrafi, lukisan utawa sulaman.[1] Jumlah papan lan ukuran byeongpung manut karo gunane, nanging cacahe tansah genep.[1] Jumlah kang paling cilik yaiku loro nganti rolas lapis papan kang gampang digawa amarga padha nyambung.[1]
Salah siji tema lukisan byeongpung kang paling umum yaiku sipjangsaeng utawa sepuluh lambang umur dawa.[1] Byeongpung ana gambare sipjangsaeng lan bulan lan srengenge dideleh ing mburi tahta raja Dinasti Joseon ing istana, kang nglambangake pepadaning raja kanthi lambang mau.[1][2] Sipjangsaeng yaiku srengenge, gunung, banyu, watu, awan, cemara, kura-kura, manuk jenjang, rusa lan suket kang duweni kasiat.[1]