Busi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Busi (saka basa Walanda lan basa Prancis : bougie) yaiku piranti ing mesin pembakaran kang gunane kanggo nyumet bènsin kang wis dicampur hawa dening karburator lan dikompres dening sèker. Busi bisa mletikake geni saka setrum maewu-ewu volt saka koil (ignition coil).