Buruh
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Buruh dhasaré yaiku manungsa sing migunaaké tenaga lan kemampuané supaya antuk walesan arupa pendhapatan sacara jasmani utawa rohani.
Buruh dipérang dadi 2 klasifikasi gedhé:
- Buruh profésional - biasa disebut buruh kerah putih, migunaaké tenaga utek sajroné mandang gawé.
- Buruh kasar - biasa disebut buruh kerah biru, migunaaké tenaga otot sajroné mandang gawé.
Buruh dhasaré mung nunjuk marang tenaga kerja ing bidang indhustri lan jasa. Ing bidang tetanèn, tenaga kerja ora lazim disebut minangka buruh.