Buncis
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Buncis | |
|---|---|
| Polong buncis | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Subkulawarga: | Faboideae |
| Genus: | Phaseolus |
| Species: | P. vulgaris |
| Jeneng binomial | |
| Phaseolus vulgaris L. |
|
Buncis (asalé saka basa Walanda, boontjes, Phaseolus vulgaris L.) yaiku tanduran polong-polongan sing bisa dipangan.[1]. Woh, wiji, lan godhongé bisa digawé jangan.[1] Buncis ngandhut protèin kang akèh.[1] Dipercaya asalé saka Amérika Tengah lan Amérika Latin.[1]
Dhèskripsi [sunting]
Tanduran buncis iku tanduran mrambat, dhuwuré nganti 2-3 meter, bisa urip apik ing papan kang dhuwuré watara 1.000-1.500 m dpl.[2] Pang buncis wernané ijo, jejeg, bunder, empuk lan mrambat.[2] Godhongé kuwi godhong majemuk, bentuké lonjong, dawané watara 8-13 cm lan ambané 5-9 cm, ana rambuté lan mucuk, bongkoté mbunder, pinggiré rata, rangka godhongé nyirip, gagang pesagi, nduwèni anak godhong cacahé telu, wernané dudu ijo tuwa.[2]