Budi Sudarsono
![]() |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Budi Sudarsono | ||
| Tanggal lair | 19 September 1979 (umur 32) | ||
| Papan lair | |||
| Dhuwur | 174 cm | ||
| Posisi pamain | Penyerang | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | |||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1999-2000 2000-2001 2001-2002 2003-2004 2005-2007 2008 2008 2008-2009 2009-2010 2010- |
28 (15) 19 (5) 32 (19) 12 (6) 69 (18) ? (?) ? (?) ? (?) 16 (2) |
||
| Tim nasional‡ | |||
| 2001- | 35 (10) | ||
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only. † Appearances (Goals). |
|||
Budi Sudarsono (lair ing Kediri, Jawa Wetan, 19 September 1979; umur 32 taun) inggih menika salah satunggalipun paraga bal-balan ingkang dados piandelipun tim nasional (timnas) Indonesia.[1] "Gocekan maut" Budi Sudarsono dados momok kangge mengsah-mengsahipun ingkang dipunadhepi ing salebetipun lapangan.[1] Panjenenganipun dipunpitados mlebet ing timnas kangge main wonten ing kajuwaran Piala Asia nalika taun [[2004].[1] Panjenenganipun saged nglebetaken gol nalika mengsah Qatar.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Paraban
Budi kagungan asma paraban (julukan) ingkang misuwur inggih menika "budigol" utawi si "ular phyton".[1] Asma paraban menika amargi saking gaya mainipun Budi ingkang saged damel bombonging manah lan damel gumun kangge sinten kemawon ingkang mirsani.[1] Budi kalebet satunggalipun panyerang ingkang kagungan sipat "oportunis" lan sagend manpaataken saalit-alitipun peluang.[1] Budi nggadhahi satunggal kekirangan, inggih menika kirang saged ngontrol emosinipun.[1]
[sunting] Karier Klub
Panjenenganipun nate mbela klub bal-balan Deltras Sidoarjo, Persija Jakarta, kaliyan Persik Kediri.[2] Samenika Budi Sudarsono main ing klub Sriwijaya FC.[2]
[sunting] PDRM
Sakpurnanipun Liga Indonesia 2007, Budi nyobi ndherek klub bal-balan Malaysia inggih menika nalika panjenenganipun nggabung kaliyan klub PDRM (Polis Diraja Malaysia), klub anggota Liga Super Malaysia.[2] Budi dipunkontrak 4 sasi kanthi regi kontrak sakitar Rp 800 juta.[2] Nalika main wonten ing klub menika Budi saged damel 3 gol, 2 gol dipuncetak nalika debutipun kaliyan PDRM wonten ing ajang FA Malaysia mengsah KOR RAMD kanthi sekor pungkasan 5-1 kangge kamenanganipun PDRM.[2] Salah satunggal golipun dipundamel ing Liga Super Malaysia inggih menika nalika mengsah Perak FC, gol kapisan ingkang boten saged menangaken timipun Budi, nalika semanten PDRM kalah kanthi sekor 5-1.[2]
[sunting] Persib Bandung
Sasampunipun dipunampil dening Sriwijaya FC lan telas kontrakipun ing klub [[Persik Kediri], Budi lajeng dipunkontrak klub Persib ing musim 2009-2012 Liga Super.[2]
[sunting] Cathetan Suku
|
|||||
|
|||||||
