Buddhacarita
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Buddhacarita ("Carita Sang Buddha"; Buddhacaritam, Déwanagari बुद्धचरितम्) iku sawijining kawya wiracarita ing basa Sangskreta perkara babad slirané Gautama Buddha. Sing ngripta yaiku Aśvaghoṣa, ing sakiwa-tengené abad kaping 2. Kawya iki dumadi saka 28 pupuh lan 14 pupuh wiwitan isih ana ing basa Sangskreta. Pupuh 15 nganti 28 iku wis ora pepak manèh.
Ing taun 420, Dharmarakṣa ngripta sawijining pertalan ing basa Cina, lan ing abad kaping 7 utawa 8 sawijining vèrsi basa Tibèt digawé.